Kabat Nggelar Napak Tilas Prabu Tawang Alun 2022
Andi Sep Kurniawan (dipublikasikan pada Minggu, 25 Desember 2022 06:34 WIB)
- Laporan
Napak tilas Prabu Tawang Alun diangkati maning, Sabtu, 24 Desember 2022. Agendha taunan hang mesthi dianakaken ambi desa-desa hang ana ring wilayah kecamatan Kabat iki tujuwane yaiku kanggo njagani lan nguri-uri adat. Prabu Tawang Alun yaiku raja hang didhemeni ambi rakyat Belambangan merga apik nyang rakyate, rakyate padha sejahtera.
Ring taun 2021, Pemerintah Kecamatan Kabat lan 14 desa hang ana ring njerone nganakaken napak tilas teka Desa Benelanlor, aju dipungkasi ring petilasan Prabu Tawang Alun, Desa Gombolirang. Beda ambi taun sedurunge, rutene dipindhah emeh sing kaya taun-taun sedurunge, panggonan melaku kawitan ana ring petilasan lan jujugane ana ring wisata Lungun Indah, Desa Bunder.
Kegiyatan Napak Tilas magih padha kaya taun sakdurunge, melaku teka panggonan awal sampe tutug. Naming Napak Tilas taun iki ana maning hang beda yaiku diuweni sentuhan inopasi. Kepala Desa Pondoknongko minangka sekretaris panitiya, ngomong, "Taun iki Napak Tilas lebih ngedukasi kanggo peserta. Ana panggonan mandheg (pos), saben pos didelehi potrek lan sejarah para pahlawan kayatah Wong Agung Wilis, Rempeg Jagapati, Sayu Wiwit lan Prabu Tawang Alun."
"Anane iku mauka kanggo ngilingaken peserta napak tilas nong pejuwang kerajaan Belambangan, aju uga ngenalaken kanggo lalare sekolah, paran maning pesertane teka TK, SD/MI, SMP lan SMA hang ana ring kecamatan Kabat."
Ring kesempatan iki, Bupati Ipuk Festiandani, teka ring kegiyatan napak tilas. Peserta napak tilas antusiyas nyambut uwong nomor siji sak Banyuwangi iku, aju peserta uga nyempetaken swapoto. Ring bucu kegiyatan ana pengumuman kupon berhadhiyah kelawan diundhi, guru SDN 2 Macanputih ulih hadhiyah utama arupa kulkas. Pembagian hadhiyah utama minangka masthekaken Napak Tilas Prabu Tawang Alun 2022 wis pungkas.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







