Kabeh Padha Menging Ikawangi Aja Sampek Kelebon Politik
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Februari 2023 07:54 WIB)
- Laporan
Wong-wong hang perdhuli nyang organisasi Ikawangi kaya Menteri PAN-RB Pak Azwar Anas, menteri Pariwisata dhongkol Pak Arief Yahya, ketua umum dhongkol Ikawangi Pak Bambang Sugiyono kabeh ngewani wekas aja sampek Ikawangi kelebon politik.
"Ikawangi kudune dadi paguyuban hang nggawe girang. Aja nggawa masalah nang organisasi," jare Pak Anas hang dina Minggu (25/2) sore ngundang pengurus Ikawangi Pusat hang anyar sak perlu silaturahim ring umah dinese ring kompleks menteri Widya Candra Jakarta.
Pak Anas uga ngelajokaken kadhung umpamane Ikawangi arep nganggo aula ring kantore kanggo ketemuan sukur aja ring dina wayah wong megawe.
Ikawangi, jare Pak Anas, aja sampek dienggo wadhah politik hang bisa nggawe bentheng ceweng seduluran.
Bupati Banyuwangi dhongkol rong periode iki malah ngejak kadhung ana reuni utawa halalbihalal dianakaken ring Tanah Kelairan.
"Umpamane bisa dianakaken Jalan Santai ambi niliki panganan has Banyuwangi, kaya sore tepak nganakaken gowes," jare Pak Anas.
Ulan Maret taun 2022 sore Ikawangi Pusat nganakaken kegiyatan Ikawangi Cycling Nusantara hang dipiloni emeh 1000 wong sak nusantara. Peserta mancat sepidhah teka bandara lan pungkasan mandheg ring pendhapa.
Dene menteri Pariwisata dhongkol, Arief Yahya, ngomong Ikawangi kudu hang kuwat nyekeli slogan "seduluran selawase."
Paran maning ring taun politik iki, Ikawangi kudu njaga aja sampek kelibet ring politik merga nggawe paguyubane congkrah, jare Pembina Ikawangi Pusat iki.
Kudune wong-wong Ikawangi ngewani penemu kanggo mbangun Banyuwangi sebab "Wong Banyuwangi hang mikiraken Banyuwangi."
Tepak iyane dadi menteri, hang diusulaken yaiku dalan tol hang dibangun sampek Banyuwangi.
Pak Arief ngengetaken maning suksese donya pariwisata iku merga telung A yaiku Atraksi, Amenity, lan Akses. Atraksi, Banyuwangi wis sugih, Amenity kaya hotel lan penginepan, dene Akses yaiku dalan nuju Banyuwangi. Kaya bandara, eman kadhung penerbangan saya sithik.
Taping masalah penerbangan iki ditambahi ambi Pak Anas gok saiki penerbangan wis mbalik maning ana saben dina.
"Iki hebate Banyuwangi. Ibu Ipuk mau isuk magih subuhan bareng nong kene. Aju jam 06.00 nyang Banyuwangi mbukak acara Muhammadiyah. Jam 11.00 balik merene maning merga nekani acara," jare Pak Anas.
Dene ketua umum Ikawangi dhongkol Pak Bambang Sugiyono mula ngakoni sabene ana anggota Ikawangi hang milu politik praktis ring pilkada masiya wis dipenging taping iyane ngarepaken hing ana maning mengarepe.
Kanggo merujuke Ikawangi, setemene bengen wis tau digagas liwat meeting zoom, muket dadi siji Ikawangi sak nusantara naming durung kewujud.
Hang pungkasan Ketua Umum Ikawangi Pusat, mayjen (purn) Rusdi Maksum sakuwise ngenalaken penguruse hang milu teka ring acara iku siji-siji aju masthekaken gok Ikawangi hing milu politik makene hing dadi bentheng ceweng.
Iyane cerita tepak kecaruk Bupati Ipuk ring Banyuwangi seminggu sedurunge, ana rencana gok Ikawangi Pusat bisa dadi wadhah Ikawangi hang ana ring dhaerah. "Kadhung ibukota pindhah ya pusate milu nong kana," jare Pak Rusdi. Dadi hang engko dadi ketua bisa sapa bain hing mesthi wong teka pusat.
Pak Rusdi ngomong gok Kepala Dinas Pariwisata Banyuwangi Pak MY Bramuda arep ngatur ketemuan kabeh ketua Ikawangi sak nusantara marek acara Diaspora ring pendhapa.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







