Kang Hasan Madeg Maning Dadi Ketua Dewan Kesenian

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Jumat, 29 Desember 2023 07:38 WIB)
- Laporan



Ana paran ambi Dewan Kesenian Blambangan (DKB) ring bungase taun 2023 iki? Pengurus hang sulung entek wektu tugase, aju milih pengurus anyar.

Kaya kang wis ditulis nong SK Bupati Kabupaten Banyuwangi Nomor 188/256/KEP/429.011/2020 bab Perubahan atas Keputusan Bupati Banyuwangi Nomor: 188/563/KEP/429.011/2018 Tentang Pembentukan Dewan Kesenian Blambangan Kabupaten Banyuwangi Masa Bakti Tahun 2018-2023 dipungkasi Desember 2023. Kanggo nerusaken pengurus sakteruse aju dianakaken Musyawarah Daerah (Musda) kanggo masa bakti taun 2023-2028. Musda taun 2023 kang dianakaken dina Rebo tanggal 27 Desember 2023 ring Gedung Juang 45 iku dibuka Drs. Dwi Yanto, Asisten Perekonomian dan Pembangunan Sekda Kabupaten Banyuwangi makili Bupati Kabupaten Banyuwangi. Kahanan Musda kang njuwut tema Mengawal Pembangunan Seni Budaya Banyuwangi yang Bermartabat iki ditekani peserta lan peninjau teka Dinas kang terkait kelaksan kelawan lancar. Peserta bener-bener miloni tata tertib Musda kang wis disepakati. Nani Asiany Ms minangka ketua panitia, njelasaken Musda iki tuntutan merga nurut AD/ART taun 2020, kanggo netepaken ketua Dewan Kesenian Blambangan (DKB) kudu dipilih liwat Musda. Kerana iku mumpung masa bakti pengurus iki durung entek ahire gancang dianakaken Musda taun 2023. Mung ana bidane teknis pelaksanaan Musda kang saiki ambi Musda sakdurunge. Kadhung ring Musda sakdurunge, Dewan Pengarah (Ex officio) lan Badan Pekerja Harian dipilih bareng ring Musda taping kepengurusan kang saiki kang aran Dewan Pengarah wis sing ana maning, arane diganti dadi Majelis Kehormatan (MK) DKB kang tugase ngawasi pelaksanaan tugas DKB makene kenceng nong aturan. Anggota MK DKB wis nampa SK Bupati sakdurunge Musda dianakaken. MK DKB masa bakti taun 2023-2028 iki diketuai Samsudin Adlawi dibantu senior liyane lan ex officio dinas hang ana gandhengane kaya Disbudpar, Dispendik, Cabdin Pendidikan Jawa Timur Wilayah Banyuwangi, Bappeda, BPKAD, lan Kemenag. Sakliyane anane MK DKB, komite-komite kepengurusan taun 2023 uga diuwah. Saiki sing ana maning Komite Penelitian dan Pengembangan, Sosial dan Kesejahteraan Seniman, Adat dan Tradisi, lan Advokasi dan Rekomendasi. Dadi lebih pokus nyang keseniane thok. Mula rada suwi nalika nyepakati AD/ART kang saiki. Tim formatur sing ana maning diganti ketua-ketua komite kang milih pengurus hariane. Kerana anyar lan bida ambi sakdurunge, oungkassne nyepakati AD/ART DKB taun 2023 iki melakune rada alot. Rencana jam siji wis bubar, molor sampek jam loro. Waktu molor sing dadi paran kang penting ketua DKB kanggo masa bakti taun 2023-2028 kepilih. Ring kene, pitung komite yaiku Seni Bahasa dan Sastra, Seni Pertunjukan, Seni Musik, Seni Tari, Seni Teater, Seni Rupa, lan Seni Film dan Photografi padha milih kandhidhate dhewek-dhewek. Serta wis kepilih ketua-ketua saben komite, ahire kepilih ketua DKB masa bakti taun 2023-2028 yaiku Drs. Hasan Basri kang sakdurunge mula dadi Ketua DKB masa bakti taun 2020-2023. Hasan sing megawe dhewek taping dibantu ambi Suko Prayitno lan Juwono minangka wakil ketua, lan anggota pengurus harian yaiku Koj in, Rini Dianingrum, Ali Kenthus, lan John Rahmatullah. Sakdurunge acara Musda ditutup, Hasan Basri Ketua DKB masa bakti taun 2023-2028 nyampekaken pidhato. Setemene iyane wis kepingin mundur dadi ketua kerana akeh kang dilakoni. Sakliyane ngelakokaken program DKB dhewek, ana megawe bareng ambi dinas-dinas terkait utamane dinas kebudayaan dan Pariwisata, ditambah megawe bareng ambi perguruan tinggi (Poliwangi lan Untag), organisasi masarakat, komunitas-komunitas kesenian lan adat, lan pemerintah dhaerah. Durung tugas awake dhewek minangka guru SMP. Kerana iku Hasan njaluk nyang pembantu-pembantune supaya megawe bareng, megawe kompak, nuju Seni budaya Banyuwangi kang lebih maju.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Pribadi

Editor: Hani Z. Noor