Kang Usik Lan Manise Sari Uwoh Maja
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 31 Desember 2023 06:54 WIB)
- Laporan
Merga teknologi durung maju kaya saiki, wong-wong bengen nduwe cara dhewek kanggo ngadhepi urip. Umpamane teka carane komunikasi ambi wong nong kadohan nganggo manuk dara hang sikile ditaleni wadhah cilik dienggo nyimpen surat, sampek nong sejarah buyute hang diceritakaken nong anak putu. Kanggo ngawiti megawe kaya ngedegaken umah, labuh nyingkal lan liyane wong kuna nduwe tanggalan (primbon) dhewek. Kanggo tamba, wong-wong bengen teka pengalamane niteni wit paran bain hang keneng dienggo tamba lara paran.
Salah sijine wong tuwek hang magih nganggo cara kuna kanggo nambani wong, yaiku Kang Usik, wong teka Dhukuh Talunjeruk, Glagah.
Hing maido iyane didapuk dadi ketua Komunitas Osing Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT).
Ring pageran umahe akeh wit-witan hang durung karuwan lare saiki bisa niteni arane. Saben-saben wit nduwe hasiat dhewek-dhewek. Kayata Pare Gunung, kaya wit pare taping godhonge cilik-cilik, keneng dienggo tamba wong kencing manis. Gandarosa keneng dienggo tambane wong keneng penyakit HIV/Aids. Terong Ngor (terong bunder hang uwite ana erine) keneng dienggo tamba kemumulen.
Hang arang ana, lan Kang Usik kudu golet ring panggonan liya, ana Legundi, hang keneng dienggo tamba watuk, ampeg (sesek napas), pilek, ngelu endhas, peluntur gorokan hang akeh riyake merga keseron ududan.
Kang Usik nduwe siji maning keahlian hang kayane wis dilalekaken ambi wong liya, nggawe ombenan sari uwoh maja. Maja iki dadi aran kerajaan Majapahit, dadi kesuwure uwoh iki pait dadi hing ana wong hang duyan. Carane, uwoh maja mau dipermentasi seminggu suwine sepuluh dina dadi sampek cemeng wernane. Wong bengen nyimpene ring genthong. Cumpu merga permentasi iki rasane uwoh hang maune pait bisa dadi manis kaya banyune tape ketan cemeng. Bengen, wong kuna manpaataken sari uwoh maja dienggo nambani rajakayane. Jamane bapake Kang Usik, sari uwoh maja dienggo jamune sapi. Durung weruh gok rasane manis. Taping jare buyute hang ngajari Kang Usik, "Bisa dienggo nambani sak laksa penyakit. Kanggo menungsa ambi kewan." Laksa iku sepuluh ewu, dadi macem-macem akehe penyakit. "Sapi hing kathik dilolohi, weruh ambune bain wis ndilati."
Hang diwadhahi ring botol iku ampase. Engko banyune metu dhewek teka ampas iku mau yaiku hang diombe dienggo tamba. Sak uwoh maja kadhung gedhi bisa dadi sebotol banyu mineral hang gedhi, kadhung uwohe cilik perlu loro.
"Anehe gedigi, kadhung Rika dharah tinggi bisa menetralisir, mudhun tekanan dharahe. Kadhung dharah rendah bisa dadi normal. Kadhung lara lambung, nggaweya kopi bubukan, pemanise nganggo sari iki. Kadhung tatu kari diolesaken bain. Lara mata ditetesi sithik."
Tau tepak ana lare cilik tanggane lara gomen, ditanggo diolesi sari maja mau nangis, cumpu hing perih nong gusine.
Kudune ana penelitian ilmiyahe kanggo mastekaken hasiyate sari maja iki. Sapa weruh mula bisa dadi tamba kanggo sak laksa penyakit.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







