Kang Yadi Lukisane Dilelang ring Jerman
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 14 Desember 2022 05:59 WIB)
- Laporan
Lukisane maestro lukis Banyuwangi S. Ydi K. Tanggal 8 sore dilelang ring Pelelangan Hargeheimer, Düsseldorf, Jerman. Seni Asia, Lot 116.
Lukisan iku kondhisine ana tandatangane pelukise lan nduweni judhul "Orang Tua Merokok". Ukurane 70x55cm, 1987, dilukis nganggo cet minyak ring ndhuwur kanvas.
Lukisan taun 1987 periode cat minyak sedurunge periode saiki. Kang Yadi saiki paceke nyiram banyu nong lukisane hang buru dadi. Lukisane hang kelebu periode anyar biyasahe nganggo cet minyak, cet air lan akrilik. Lukisan "Orang Tua Merokok" iku mung teka cet minyak lan katon polosan, hing disiram.
Taping Kang Yadi dhewek seperene hing weruh lukisan iku payu tah using kerana lukisan iku duwene kolektor hang iyane hing kenal.
Iyane milu mongkog merga karya iku sampik bisa nong lelang iku, ana seleksi ketat, hing mung lukisane uga pelukise.
"Pirangane lukisanisun hang milu balai lelang-balai lelang, kabeh wis dikoleksi kolektor, aju kolektor milokena nang lelang, nawi kanggo kebanggaan kolektor taping hang diuntungena ya pelukise," jare Kang Yadi hang lair tanggal 6 Agustus 1958.
Teknik nyiram banyu nong lukisan hang buru dadi diakoni dudu ide orisinal teka iyane. Masiya iyane ngakoni, teknik iku asile proses kreatip hang dawa.
"Lukisan iku periode Isun dadi pelukis galeri Bali, dadi sapa hang nuku, turis sapa hing dicathet," jare Kang Yadi hang ngaku nemokaken teknik iku tahun 1989 lan inspirasine tepak iyane ring Bali.
"Iku buru dadi penganten anyar, sempat wong wadon milu setaun nong Peliatan Ubud," jare Kang Yadi hang saiki duwe studio ring kana.
Iyane sakat nikah taun 1986 netep ring Banyuwangi taping magih wira-wiri Banyuwangi-Bali pp merga Bali iku dadi panggonan ngadol lukisan.
"Bali akeh nguweni inspirasi lan cocok kanggo ngedol lukisan. Taping marek nemokaken teknik (siram) saiki pasat akeh nong Jakarta. Bali hang nggawa nama," jare kang Yadi, hang anak lanang siji-sijine miloni dadi pelukis.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







