Kelendi Carane Lalare Nulis Puisi Limang Menit

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 26 April 2024 09:38 WIB)
- Laporan



Ana cara hang apik kanggone mulang lalare nulis puisi teka Prof. Wahyudi Siswanto dosen Universitas Malang ring iwuh FGD Penyusunan Modul Bahan Ajar Revitalisasi Bahasa Daerah, Madura dan Using ring Surabaya tanggal 24-26 April.
   "Sastra bisa kanggo TK, SD lan seteruse. Makene bisa, lare-lare kudu bisa, carane kudu ana contone. Hing bisa mung teori lan perintah," jare Pak Wahyudi.
   Lare diajari nulis puisi, kelawan nganggo cara ambi menganan sampek serius.
   "Pokoke lalare kudu girang, kudu seneng. Nong kelas kahanane kudu nyenengaken. Lalare diejak ngenget-enget pengalaman hang endah," jare Prof. Wahyudi.
   Makene gampang, bisa nganggo cara lalare dikongkon nulis arane, dieja arane teka ndhuwur mengingsor, aju siji-siji hurupe dijelentrehaken dadi puisi.
   Tulisan kudu inspiratip, napase edukatip. Kudu bisa dadi pengenget. Enggo paran puisi hang ngelawan nang Pengeran?
   Kawitan lalare sukur dikongkon nulis, hing kathik mikir. "Isun hing ngongkon nulis puisi hang endah."
   Marek latihan gedigu, latihane diunggahaken maning kelawan mbecikaken puisine mau.
   Bisa uga nulise mau nganggo alat bantu nggawe idiom anyar. Ring basa Indonesia umpamane subuh menyapa, matahari menghitung, siang pada puncaknya, pelukan malam, berebut rindu. Aju lalare dikongkon golet contone ring basa dhaerah.
   Aju bisa pisan nggawe kolom siji, loro, telu, papat. Kolom siji diiseni nomer, kolom loro diiseni kata benda, kolom telu werna, kolom papat kata sifat. Aju ekspresi anyar bisa teka campuran ucap-ucap hang ana ring kolom-kolom iku.
   Nulis puisi dadi gampang. Tapi apuwa sasterawan akeh taping hing bisa nulis buku?
   "Kadhung ana hang ngomong puisi iku perenungan ya hing paran-paran. Isun bisa nulis sedina 14 puisi, merga perenungan hang Hun lakoni bisa teka telung taun kepungkur. Laire mung sedhilut."
   Topik bisa paran bain, lalare aja diwatesi. Manuk, pitik, mangan pizza, lan sembarang kalir paran bain bisa dadi topike puisi.
  Hang penting lalare bisa nulis puisi. Bisa maca puisi.
   Kadhung maca contone kari mbukak link youtube, diduduhaken wong hang wis maca puisi kelawan apik kayata Tamara Blezinsky, Tabah Penemuan, Rendra, tah Taufik Ismail.
   Sepisan maning pokoke lare-lare bisa sinau nggawe puisi kelawan girang, juwara ring ati. Hang penting lare bisa tampil.
  
  



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor