Kelendi Carane Mbukak Program Studi Basa Using?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 13 Maret 2023 08:41 WIB)
- Laporan



Kelendi carane supaya Basa Using saya jejeg lan hing gampang ilang dieleg jaman? Seperene, kadhung basa Using mung dadi media komunikasi lisan, ya kari nganteni dinane basa Using suwi-suwi ilang ring bumi iki, diseren basa liyane hang lebih gedhi, basa Jawa, basa Indonesia lan malah basa Inggris. Isun nemoni ring desa Ulih-ulihan, ana 13 lare SD hang milu les maca ngitung, mung siji hang nganggo basa Using. Liyane nganggo basa Indonesia. Iku ring kampung Using. Kelendi hang ana ring kampung-kampung hang nganggo basa Jawa utawa basa Medura?
  Mangkane hang dipikiraken wong-wong bengen supaya basa Using diajaraken ring sekolahan wis bener. Kari golet dalan kanggo saya njejegaken maning. Salah sijine dadi mata kuliyah ring perguruan tinggi.
   Jare Rektor Untag Banyuwangi Drs. Andang Subaharianto M.Hum. mula tau iyane ditakoni penyiyar radhiyo ring salah siji program gesah, bisa tah pendidikan Basa Using dadi Program Studi ring kampus? Sak using-usinge endane bisa tah dadi salah siji Mata Kuliah Dasar Umum (MKDU) kaya mata kuliah MKDU liyane, contone: Bahasa Indonesia, Bahasa Inggris, Agama utawa Pancasila.
   "Kadhung dadi Program Studi bisa bain taping kudu ana komitmen hang kuwat lan pasti teka pemerintah kabupaten merga kudu ana bantuan biaya operasional," jare Pak Andang nang belambangan.com nganggo basa Indonesia.
   "Merga kaya Untag iki, iki yara kampus swasta, dadi program studi hang dibukak kudu ngitung dawa ring dina mbisuke."
    Dadi setemene peluang dadi Program Studi iku ana. "Pokoke kudu ana lobi hang kuwat nyang (dirjen) Dikti utawa ditunjuk Dikti kaya Prodi Pendidikan Kepercayaan Kepada Tuhan YME hang ana ring Untag Semarang. Sarate kudu ana paling using 5 dosen ring bidhange," jare Pak Andang.
   "Yara mula durung ana prodi basa Using," jare Pak Andang. Ring UGM Yogyakarta ana prodi Bahasa Jawa lan Sastra Nusantara. "Mangkane kadhung gelem ya Pemkab njaluk nang Dikti makene ana kebijakan husus."
   Malah kadhung mung dadi MKDU kayane sing mungkin. "Mata Kuliah Umum, kene kudu miloni aturan teka Dikti: Pancasila, Agama, Bahasa Indonesia.
   Dadi PR-e Pemkab, kadhung mula nduwe kerenteg kepingin duwe prodi basa Using, kudu nyiyapaken dhosen-dhosene. Nyekolahaken lare hang engkone gelem njuwut penelitian ngenani basa Using. Utawa golet dhosen-dhosen hang ana hang wis neliti basa Using kanggo penelitiane.
   Sakwetara iku, bisane ya mung liwat workshop kaya hang arep dilakoni Balai Bahasa Jawa Timur hang ring bungase ulan Maret iki nganakaken revitalisasi (nguwataken maning) basa Using. Ana pitung bahasan hang arep direvitalisasi yaiku Nembang/Macaan Lontar, Baca-tulis Using, Nganggit Cerita Cendhek Using, Ndongeng, Pidhato basa Using, Puisi/Gurit Using, Ngewer (Stand up komedi) Using.
    Marek ngomongaken materine ambi pitung maestro, disokong ambi Pemkab, BBJT arep ngelatih 30 guru SD lan 30 guru SMP hang engkone kudu ngubaraken ilmune kanggo guru-guru liyane lan murid-muride.
   Kegiyatan pungkase, ana Festival Tunas Bahasa Ibu.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf