Kelendi Carane Ngurus Sertipikasi Halal?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 02 Januari 2023 09:15 WIB)
- Laporan



Kanggone wong-wong hang nduwe usaha utamane barang konsumsi kaya panganan lan kosmetik, sertipikasi halal minangka cara penting kanggo nduduhaken halale produke. Taping ya akeh hang nduwe pitakonan kelendi carane, paran hang diperlokaken lan liyane. Dene kanggone Majelis Ulama Indonesia (MUI) kudune anggotane ya ngerti prosedure kanggo njawab pitakonan masarakat hang arep njaluk sertipikate.
   Ring bungase taun sore, wis dianakaken Bimbingan Teknis Proses Sertifikasi Halal ring Masjid Ahmad Dahlan Kabupaten Banyuwangi. Iwuh iki dipiloni peserta Para Pendamping Halal (PPH) sak Kabupaten Banyuwangi, Pengurus MUI kecamatan sak Banyuwangi lan MUI Kabupaten Banyuwangi.
   Dikarepaken iwuh iku bisa ningkataken kemampuan teknis para PPH nuntun prosese sertipikasi halal, bisa kelawan cara biyasah (reguler) utawa program ngaku dhewek (self declare).
   Tujuwan liyane nggabungaken program sertipikasi halal ring BPJPH, Satgas Halal dan MUI Kabupaten Banyuwangi kelawan program inopasi Laser Duri (Layanan Sertifikasi Halal Dua Hari). Program Laser Duri iki minangka cara ngetokaken surat keterangan kanggo mbeleh kewan hang miloni sariat agama Islam kanggo ngelengkapi penjalukan teka Lembaga Pemeriksa Halal (LPH) utawa Lembaga Pengkajian Pangan, Obat-Obatan lan Kosmetika MUI.
  Sak mareke pelatihan iki, kabeh UMKM lan wong hang duwe usaha ring kuliner, katering, usaha rumahan, jasa penyembelihan lan usaha liyane ring panganan lan ombenan, jasa penyembelihan, jasa nyimpen daging kudune gancang ngurus sertipikat halal kanggo konsumen hang merlokaken produk halal.
  LPPOM MUI yaiku lembaga hang nduweni tugas kanggo neliti, ngaji, nganalisa lan mutusaken halal usinge produk. Produk pangan lan turunane, produk obat-obatan lan produk kosmetika kudu dideleng halale teka bucu sawang kesehatan ajaran agama Islam. Sakliyane iku ya ngewani rekomendasi, nggawe ketentuan lan ngewani bimbingan nyang masarakat.
   Dene Badan Penyelenggara Jaminan Produk Halal (BPJPH) yaiku badan ring ngisore  Kementerian Agama. Badan iki masthekaken halale produk hang melebu, beredar lan diedol ring Indonesia. 
Kadhung miloni Undang-Undang No. 33 taun 2014 tugase yaiku Registrasi Halal, Sertifikasi Halal, Verifikasi Halal, Pembinaan uga pengawasan kehalalan produk, Kerjasama ambi kabeh pihak hang duwe wewenang lan netepakan standar kehalalane produk.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor