Kelendi Mesthine Dadi Guru Basa?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 April 2023 09:33 WIB)
- Laporan



Guru basa aja sampek ngganteni guru-guru mata pelajaran liyane kelawan cara ngalesi njawab saben pitakonan nganggo jawaban hang dikawiti ucap: ialah.
   Umpamane kadhung ana pitakonan, habitat iku paran? Biyasahe guru njawab kelawan:
   "Habitat ialah......." aju isine nerangaken paran iku habitat. Jawaban gedigi iki hang dianggep njuwut "peran" guru biologi.
   Mesthine, jelasaken bain.
Cacing habitate ring lemah.
Manuk habitate ring wit-witan.
Iwak habitate ring banyu.
Cacing iku bisa matek kadhung dideleh ring wit-witan merga dudu habitate.
   Kelawan diterangaken gedigu, lare-lare bisa ngerteni paran iku artine habitat masiya hing nganggo keterangane gurune.
   Gedigu conto hang dienggo Profesor Imam Suyitno, dosen Universitas Negeri Malang nyang para maestro basa Medura lan Using tepak sinau nggawe modul Pembelajaran Basa Daerah tanggal 14 April 2023 ring kantor Balai Bahasa Jawa Timur, Sukolilo, Surabaya. Prof. Imam iki dudu wong adoh, wong teka Yoaomulya Banyuwangi.
   Ana pitung maestro Using lan pitung maestro Medura hang engko nggawe modul iku. Aju sakteruse, para maestro iki ngelatih 60 guru master, 30 guru SD lan 30 guru SMP, hang dikarepaken bisa nularaken keahliane nang 300 guru liya.
   Gedigu sampek guru-guru iki engko bisa maning nularaken ilmune nang lare-lare sekolah. Impene, kelawan cara gedigi, basa Using saya jejeg lan didhemeni lare-lare.
   Cara iku mau hang digarap ring Badan Bahasa kanggo nguwataken maning basa dhaerah hang wis serendengan diterak jaman.
   Rencanane ulan Mei iki module wis dadi lan ulan Juni wis bisa ngawiti pelatihan nang 60 guru.
   Pitung maestro Using iku yaiku Wiwin Indiarti (Nembang), Abdullah Fauzi (Cerita Cendhek), Eko Budi Setianto (Gurit), Nani Asiany (pidhato), Ali Kenthus (Ngewer), Slamet Penyet (Ndongeng) lan Antariksawan (Maca Tulis).
   Nganggo pitung mata pelajaran iku minangka ketrampilan nganggo basane dikarepaken lalare bisa sinau basa kelawan ati hang seneng.
   Ulan November engko lalare arep dipilokaken Festival Tunas Bahasa lan hang menang digawa ring Festival tingkat nasional ulan Februari 2024. Februari iku tepak  ana Dina Basa Ibu internasional.
   Sedurunge acara ambi Profesor Imam Suyitno sore BBJT wis nganakaken pertemuan ambi wakil bupati lan sedina acara Diskusi Kelompok Terpumpun ring ruang Minakjinggo kantor Pemda.
   Jare Kepala Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) Dr. Umi Kulsum, program revitalisasi wis dianakaken sedurunge ring Jawa Barat lan Jawa Tengah, aju buru taun iki ring Jawa Timur. Ana rong basa hang dituju yaiku basa Medura pulo lan basa Using.
   BBJT iki minangka kantor hang ngurusi basa ring ngingsore Badan Bahasa ring Jakarta bagiyane Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan, Riset dan Teknologi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf