Kelendi Mesthine Ngebangi Umah?

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 27 Juni 2022 09:00 WIB)
- Laporan



Kelendi Mesthine Ngebangi Umah?

Tepak ngebangi Umah Temungkul sore ana pisan hang ngewani komentar gok setemene ngebangi iku sedurunge umahe dadi.
"Sak weruhisun, ngebangi iku dilakoni tepak buru munggah gentheng, umah durung dadi," jare sesepuh Ikawangi teka Alas Malang Pak Sumono Abdul Hamid.
   Tepak ngebangi iku, sak liyane umahe diadani lan selametan jenang abang, uga masang bendhera merah putih tepak masang gentheng hang dicantholaken ring saka lan dipasang susuk emas.
"Aju engko tepak umahe wis mari, selametan maning ngundang ustad, maca Yassin, ngaji, sembayang, ana tausiyah lan ndonga," jare pensiunan Krakatau Steel iki.
   Tanggal 19 Juni sore Umah Temungkul hang ana ring mburine hotel Illira Sukowidi iki dibangi. Ana suguhan jenang abang, umahe diadani ring budayawan Banyuwangi kang Fauzi Abdullah (Kang Ujik) lan ditekani pirangane wong kayata pelukis Kang Yadi, ahli perkerisan Kang Ilham Triadi, pelukis teka Gombeng Kent Ali, seniman Kang Taufik Shaleh, budayawan kopi kang Nidom, Ketua Tim Ahli Cagar Budaya Mbok Titin Fatimah, Sekretaris Dewan Kesenian Blambangan Mbok Nani Asiany, dhosen Poliwangi Arik Fajar, penulis Budiosing Setianto, penulis Aguk Wahyu lan rabine Yeti Chotimah, wong-wong teka grup Damar84 uga guru-guru basa Using lan lare-lare hang milu kegiyatan Lomba Cerita Cendhek Basa Using.
   Ngebangi sak liyane adan (bang), uga jare asale teka jenang abang hang mesthi kudu ana ring selametan iku.
   Salah sijine guru basa Using teka Taman Suruh, Heni Kurniawati, nakokaken nong embahe apuwa kok mesthi ana jenang abang. Jare mergane wong bengen iku ya mung iku kang diduweni, saben dina hang ana ring umahe iku ya beras ambi gula jawa. Sarehne wis ngundang tangga lan dulur temune duwe kerebet ngumani suguhan panganan teka beras ambi gula jawa dadine ya jenang abang. Kadhung dideleng ajarane,  sak njerone jenang abang iku ana isarahe.
   Jenang abang kelire abang, iku padha ambi getih teka emak. Ethuke ambi santen kelire putih kang dipadhakaken sari pati menungsa teka bapak. Jenang abang hang nganggo santen putih mau diibarataken menungsa hang lair merga ketemune sari patine bapak hang werna putih lan getihe emak hang werna abang. Dadi jenang iku simbule urip, nduduhaken kawitane uripe menungsa teka emak lan bapak.
   Jenang abang putih iki ya wis sakat bengen dadi simbol merah putih adoh sedurunge Indonesia merdheka. Jare paman, jenang abang lan santen putih iku ya minangka simbol merah putih hang wis sakat bengen ana nduduhaken gok iki getih lan belunge Indonesia.
  


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf