Kemeromonge HARJABA Taun 2023
Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 20 Desember 2023 06:57 WIB)
- Laporan
Saben tanggal 18 Desember, wayah kang dianten-anteni ambi masarakat Banyuwangi, polae wayah iku tepak dina dadine Banyuwangi kang dikenal kelawan Hari Jadi Banyuwangi (HARJABA). Wis anjerahe kanggo ngeramekaken sakat tanggal 1 sampek 31 Desember seragam pegawe nong kantor-kantor pemerintahan padha nganggo kelambi bathik Banyuwangi sakliyane kelambi adat kang wis mula dienggo saben dina Kemis. Taping ana kang bida ring tanggal 18 Desember sore. Upacara mengeti HARJABA kaping 252 ring pelataran kantor Bupati katon tambah rumang merga kang milu upacara padha nganggo kelambi adat nusantara ditambah kelambi adat Cina lan Arab. Kahanan iki nduduhaken kadhung ring Banyuwangi iku tamansarine nusantara. Masarakate bisa urip rukun lan sing tau ruwed tukar mung kerana bida suku. Bupati dhewek minangka inspektur upacara nganggo kelambi Bugis (Mandar). Sedheng liyane ana kang nganggo kelambi Medura, Melayu, Bali, Arab, lan Cina. Malah Bramuda, kepala dinas Kebudayaan dan Pariwisata kang dadi perwira upacara nganggo kelambi Minakjingga sak dhayune dene komandhan upacarane nganggo kelambi pengantin Using.
Upacara HARJABA sing tau ninggalaken cerita utawa sejarah perang Puputan Bayu lan Pangeran Rempeg Jogopati minangka tonggake dina dadine Banyuwangi 18 Desember 1771 kang ring kedadeyan sakdurunge yaiku tanggal 14 Desember 1771, VOC ambi senapan lan meriyem ditambah 2.000 pasukan kang dipimpin Sersan Mayor van Schaar nyerang Bayu liwat arah lor aju ngedegaken kemah-kemah ring lapangan (Tegal Perangan). Bengine ngunekaken meriyem supaya masarakat padha keweden. Tanggal 18 Desember 1771 perajurit Belambangan nyerang pasukan VOC kelawan mati-matian ngangkat pedhang lan ngelesataken panah-panahe saingga niwasaken Kapten Reygers lan Sersan Mayor van Schaar. Dibantu ambi Ki Utun, Demang Bedewang lan Ki Endeh Demang Lemabang pasukan lan pimpinan VOC akeh kang padha mati keneng sabetan pedhange. Pangeran Rempeg Jogopati dhewek tatu keseron lan ahire gugur. Tujuwan diwacakaken sejarah perang Bayu ring upacara HARJABA iku kanggo nduduhaken kadhung Banyuwangi duwe sejarah perjuwangan ngusir Landa kang patut dituladhani generasi saiki kanggo mbangun dhaerahe.
Disampekaken ambi Bupati, akeh kemajuan lan penghargaan kang diterima pemerintah Banyuwangi. Akehe wong melarat kerana covid-19, angkane wis mulai mudhun. Ijen Geopark wis resmi dadi bagiyane UNESCO Global Geopark, lan penghargaan liyane kayata Anugerah Bangga Berwisata di Indonesia (ABBWI) teka Kemenko Marves, Penghargaan Daerah Terinovasi utawa Innovative Government Award (IGA) taun 2023 lan Satyalencana Wirakarya teka Presiden Republik Indonesia.
Upacara kang diisi koor lare-lare SMA iku nggawa gendhing "Isun Lare Using" lan penghormatan nyang Panji Lambang Daerah Kabupaten Banyuwangi ditutup ambi juged lan lagu massal. Gendhing lan jugedan kang digawa lare-lare iku njuwut gendhing Luk-luk Lumbu, Janger, Gelang Soko, Aja Dibandhingke, sampek gendhing teka Bugis (Mandar), Arab, lan Cina. Sakdurunge bubar, bupati nguweni penghargaan nyang masarakat Banyuwangi kang duwe prestasi. Ana kira-kira rolas wong kang nerima penghargaan taun iki, antarane: Romo Andreas Adhi Prasetyo lan Achzana Ilhamy, S.Sn ring bidang Agama, Sosial, dan Budaya. Prestasi Achzana iki nampa medali emas penata musik terbaik FLS2N Tingkat Nasional, Nanang Tri Atmoko bidang pertanian, Andreina Maercelina bidang sosial, Hotel Dialoog minangka paling gedhe mbayar pajek, Misyati tenaga kesehatan (bidan desa Sarongan lan Kandangan) teladan kang ngelayani persalinan 24 jam, Hilman Syah Anwar bidang perikanan, Felicia Dahayu kelas 5 SDN 1 Pesanggaran juwara 1 lomba Matematika Gasing Tingkat Nasional, Ahmad Nadhif, Yusril Ihsan Adintanegara, lan Aldhea Azarine Bharata minangka difabel berprestasi, juara OSN, lan juara karate internasional.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







