Kenangan Pelatihan Macaan Pacul Gowang

Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Jumat, 23 Desember 2022 07:41 WIB)
- Laporan



Isun dikagetaken nong salah siji grup WAnisun, yaiku mara-mara ana poster hang tulisane arep ana pelatihan macaan Pacul Gowang nong kantor Disbudpar Banyuwangi. Isun hang sedurunge wis hing ana pikiran arep milu, dadi kesangklet nong kegiyatane hang sun rasa bakale ana pentinge kanggo isun hang dhemen nyang budaya lan basa Using Banyuwangi. Pungkasane isun milu ndhaptar lan Alhamdulillah keterima.

Isun hang ring kana dadi peserta, seru girange merga bisa kecaruk ambi seniman senior utawa hang wis sun anggep dadi maestrone kesenian macaan Pacul Gowang yaiku Pak Misran. Paran maning ring panggonan iku, isun ya dikagetaken ambi anane mentor-mentor pelatihan. Kerana mentor hang sejatine wis sun weruhi ring donya macaane Pak Misran bengen yaiku Cak Ali Kenthus uga Cak Selamet. Isun weruh nyang wong loro iku kerana isun saben-saben ndhileng Seni Dhamarulan/Janger dhung tepak ana kundangan. Paran maning isun wis kenal jangget ambi hang aran mentor Cak Ali. Sak liyane ambi para peserta liyane, isun kecaruk pisan ambi kanca-kanca seniman enom uga bisa kenalan ambi kanca anyar mulai setingkat SMP sampek hang wis megawe.

Dina kawitan isun wis ngerasakaken lindhu nong ati serang girange milu acara hang sun rasa jarang dianakaken ambi Disbudpar Banyuwangi. Eh cumpu kegiyatane iki hang nganakaken Badan Bahasa Pusat Jakarta. Ring kene nggandheng Dewan Kesenian Blambangan lan Sengker Kuwung Belambangan.

Ring dina kawitan iku, dibukak ambi tampilan macaan hang wis lawas pisan isun hing tau weruh. Paran maning ndeleng kesenian macaan tepak kundangan. Mari digu panitiya pelatihan nguweni para pemateri-pemateri hang nduweni kaweruh ring donya basa Using, macaan lan unsur liyane ring macaan Pacul Gowang. Mari ana para pemateri hang nguweni pengetahuan bab lontar Yusup hang diwaca pisan ring kesenian Pacul Gowang iku aju dicampur praktek sithik-sithik. Para mentor hang sabar lan semangat nguweni weruh ring urut-urutane tampilan macaan hang mesthi digawa ring saben penampilan. Isun seneng kerana mari diweni materi langsung bisa peraktek kaya salah sijine nong tahap macaan hang aran “Laikan”. Kabeh peserta, hing kabeh wong Using, ya milu peraktek kelendi ngunekaken utawa carane ngelaik.

Ring dina iku hing kerasa sampek wis soren, hang dikawiti sakat isuk sekitar jam 8. Paran maning mari diweni urut-urutan tampilan, dhasar, uga carane maca lontar masiya mung sekelerepan langsung digawe kelompok hang isine paling sithik lare telu.

Nong panggonan pelatihan iku wis tawur arane suwarane lalare merga padha berak-berak kanggo latihan laikan hang dirasa paling sara. Kerana wis soren, ahire ambi panitiya dikongkon laut sulung utawa mulih lan diterusaken ring dina engkisuke. Isun lan lalare wis katon lisuh sedinaan lungguh lan peraktek ring pelatihan macaan iku hang serang semangate sampek lali wayah.

Dina kepindho, isun dikagetaken ambi materi hang sun dhemeni maning yaiku materi wangsalan uga basanan. Rasa bingungisun sakat bengen wis dijawab ana ring pelatihan iku sampek sak jelase paran maning ana pengetahuan tambahan hang buru weruh. Para pemateri ring dina kepindho kabeh wis nguweni ajaran hang gampang diterima. kerana hing pokus nyang keseriusan naming ya diweni muyaban ambi pemateri. Sakmarine iku, ambi panitiya langsung dikongkon nggawe kelompok maning kerana jumlahe hang sore kakehan. Mari digawe kelompok iku, langsung dikongkon praktek macaan Pacul Gowangan teka maca lontar, basanan lan wangsalan. Kreativitas isun uga kanca-kanca liyane dicampur ambi rasa seneng bisa praktek ring kana. Kabeh padha golet panggonan dhewek-dhewek kanggo latihan. Mari bedhug, acara pengetesan diangkati. Kabeh kelompok padha nduduhaken asile tandang gawe masiya mung sedhilut ulihe ngerancang macaan Pacul Gowangane.

Hang sun kajoni acara iku wis bisa nguweni weruh nyang para peserta dhung macaan Pacul Gowang hang wujud kesenian ana bedane ambi hang maca lontar ring desa-desa. Para mentor hang ditekakaken ya bisa ngajari kelawan rasa sabar lan telaten hang bisa diterima apik ambi kanca-kanca peserta. Sakliyane iku, kegiyatan iku bisa sun rasakaken kerana asile pelatihane bisa merujukaken winih hang magih durung kesiram ambi pengetahuan teka macaan Pacul Gowang. Sakmarine acara iku ditekakaken wong teka kementrian bahasa uga wong penting liyane hang ana kaitane ambi kebahasaan. Paran maning uga diweni hiburan has Banyuwangi kanggo nguweni ciri has ring jerone acara. Yaiku suguhan tari Gandrung teka desa Kemiren uga kuntulan teka desa Glagah.

Saranisun, muga bain bisa terus dianakaken ring jilid-jilid acara sakteruse pelatihan macaan Pacul Gowang. Kerana acara iku mung diringkes rong dina, masiya menurut isun ya kurangen, cara wong mangan kaya kepingin imbuh (sithik seru). Acara iku muga bain bisa dianakaken rata ring dhaerah sak Banyuwangi. Hing macaan nganggo basa Using thok, ya muga bisa Macapatan (versi Jawa) lan Mamaca (versi Madura). Uga kudu ana pelatihan kesenian liyane hang wis emeh ilang, wis mati, uga hang magih tenar. Hususe hang tenar kaya dene kesenian Janger ya kudu diweni weruh pisan nyang sejarahe lan liyane. kerana hun weruh teka para senior seniman janger hang tau gesah ambi isun dhung saiki wis beda. Paran maning salah siji hang wis emeh ilang yaiku kesenian Rengganis. Dhung perlu dianakaken lomba saben sekolahan makene bisa ana winih penerus.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : pribadi

Editor: Hani Z. Noor