Keranta-ranta Keneng Pageblug ring Negara Manca

Tirto Arum (dipublikasikan pada Rabu, 20 April 2022 11:38 WIB)
- Laporan



Ater-ater: Ring ngingsor iki cathetan buruh migran teka Banyuwangi tepak keneng pageblug covid19 ring Hongkong.

Kamis tepak tanggal 17-2-2022 kepungkur, Hongkong wayahe keneng usum adhem, njelu seru kira-kira enem derajat. Kadhung keneng sapu angine, jaket kandel wis hing kerasa, njelu sampek nong belung. Isun ngeliwati dalanan hang kepus lan lejek nong panggonan suntik vaksin ring dhaerah Lai chi kok Park Sports Centre ring tepis wiring antarane Meifoo lan Lai Chi Kok Park Hongkong. Dene suntik Vaksin BioNTech hang kepisan lan kepindho hun lakoni ring dhaerah Prince Edward, tepak ring Boundary Sports Centre. Reaksine mula hing langsung kerasa kaya reaksi hang kepisan lan kepindho, isun mung ngombe obat hang kanggo ngilangi awak hang nggereges. 
   Sekirane jam siji dalu, isun magih ngerasakaken reaksine vaksin iku, kadheman awak panas sampek 40 derajat, pilek, endhas ngelu, radhang gorokan sampek belung-belung rasane linu lan ampeg rasane ring dhadha. 

Serangan gelombang virus kaping lima omicron lan delta taun iki saya nemen timbang sedurunge. Paran maning hawa adhem ngingsore 10 derajat hang nggarahi viruse hang jare campuran antarane omicron lan delta.

Korban positip hang keneng pageblug saya suwi saya akeh lan kamar sakit wis hing kuwat nampung serang akehe pasien hang akhire dirawat ring latare kamar sakit. Umah hang dienggo ngobong mayit ya hing sanggup ngelayani merga akehe mayit hang pungkasane mung dibungkus lan dideleh ring sandhinge pasien. Para Buruh Migran Indonesia ya hing diulihi metu teka umah masiya prei megawe, sampek kira-kira telung ulan suwine. Gedigu pisan wong hang dodolan, dikuwasani wong-wong teka negara Cina sampek kebutuhan sayuran regane munggah tikel enem. Hongkong wis kayadene kutha mati lan maning-maning lockdown diwajibaken lan sapa-sapa hang ngelanggar keneng dhendha hang akeh. 
Reaksi vaksin hang kaping telu iki mula rada suwi teka vaksin sedurunge, sampek njumbulaken pitakonan endane isun keneng? Isun nyacak tes antigen cumpu temenan positip. Rasane kaya sing percaya taping tanggal 18 Februari isun wis mutah getih. Rasane gorokan seru larane lan kaya kobong, ambegan senin kemis kaya wong ampeg. Engkisuke isun malah mimisen lan majikanisun weruh. Naming hun tanggo merga hawa adhem bain, merga isun ya alergi adhem.  Tanggal 20 Pebruari isun dikongkon tes swab maning ring panggonan tes hang ana ring apartemen ngingsor lan asile magih positip naming hun sengidakaken. Kadhung using, mesthi dikongkon nang kamar sakit lan weruh dhewek kadhung akeh pasien hang dirawat sampek nong njaba merga akehe pasien. Isun isolasi mandiri dhewek bain. Taping tanggal 28 Pebruari mutah getih maning lan mimisen. Awak saya lepruk. Belung rasane kaya merotholi. Isun ndonga, muga-muga kadheman hang hun alami iki bisa ngerontogaken dosa-dosanisun, lan isun ihlas kadhung Gusti Pengeran arepe mundhut. Naming aja tepak nong Hongkong iki. Rasane dhadha wis ampeg seru. Taping mung sampek tanggal 28 Pebruari iku isun keneng, sakuwise bebas merga pitulunge Pengeran liwat embuh iku obat medis tah ramuan banyu kelapa dicampur jeruk madu, keningar lan godhogan jae abang lan sere. Hang jelas sak mareke ngombe ramuan iku isun hang sedurunge wis kerasa arep mujur ngalor, malah dadi segere. Tanggal 1 Maret isun tes swab maning lan wis bebas taping magih isolasi mandiri. Malah majikanisun petang dina sakuwise positip.  

isun tetep ndonga muga-muga pagebluge gancang uncal lan kene kabeh ulih rahmate Pengeran. Muga-muga magih bisa puwasa lan ulih lailatul kodar. 

Cheung Sha wan, 20-4-2022

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Tirto Arum, perjuangan melawan omicron

Editor: Antariksawan Jusuf