Kerenteg Ngunggahaken Nasibe Petani Kopi Glenbaru

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 04 Mei 2022 10:11 WIB)
- Laporan



Petani kopi Kalibaru lan Glenmore (Glenbaru) nduwe kerenteg kepingin mbecikaken nasibe kelawan nggawe kumpulan petani utawa Kelompok Petani Kopi.
"Kumpulan Kelompok Tani hang ana ring Glenmore lan Kalibaru iki arep diurus legalitase," jare kang Rahman hang duwe panggonan kelenceran ring dusun Curah Leduk Desa Banyuanyar, Kalibaru.
   Kalibaru lan Glenmore hang wera kebonan kopi rakyate 23.000 hektar, paling wera sak kabupaten Banyuwangi, taping petanine akeh-akehe dadi korban ijon. "Dadi ngedol asil panene hing bisa ngatur regane. Muspra, kaya hing ana asile," jare kang Rahman. Rata-rata sak petani duwe 10-15 hektar kebon kopi Roz busta hang wilayahe sampek ring ngingsor sikile Gunung Raung.
   "Sak Glenbaru iki ana 14 desa, kadhung ngadegaken Badan Usaha Milik Desa Bersama lan sak desa urunan 100 juta bain, wis duwe1,4 miliyar cukup kanggo modhal awal nebas asil panen petani," jare kang Rahman.
   Mula rada sara ngedhukasi petani dikongkon dodol asile kebon hing mung arupa wiji kopi. Mesthine kadhung kepingin lebih akeh asile bisa dodolan produk kopi. "Kopi hang diedol ring cafe lan ring hotel beda regane. Mangkane kene kepingin bisa sampek dadi pemasok nong hotel. Kadhung hotel perlu kopi sasetan taping produke hang apik, kene bisa nggawe."
   Dibandhing ring petani kopi ring Gombeng, petani kopi hang ana ring Glenbaru mula rada beda mentalitase. Merga kadhung petani Gombeng iku nduwe lemah kebonane dhewek dadi gampang diejak ngelakoni lan nerapaken ilmu-ilmu anyar kanggo ngunggahaken jenis prodhuke. Kadhung petani ring Glenbaru kabeh tanahe nyilih teka Perhutani, jare kang Rahman, pensiyunan salah siji BUMN ring cabang Jember.
   Setemene pegiyat kopi Kalibaru wis ngawiti nggawe prodhuk kopi arupa bubuk kopi. Mangkane prodhuk kopi Kalibaru nganggo tagline 'Kopi Kalibaru Merambah Dunia."
   Ana King of Robusta, Pea Berry, Robusta Milky, Kopi Luwak lan Wine Kopi hang disuguhaken adhem diandohi es lan disuguhaken ring gelas anggur. Rasane enak kaya emeh ana ombenan anggur-anggure sithik. Wine kopi iki hang dadi produk unggulane kopi Kalibaru saiki.
   Masiya durung bisa ajeg, kopi prodhuksi Kalibaru iki wis diekspor nyang Jerman, Uni Emirat Arab, Landa lan Brazil. "Hang pungkasan ekspor nang Qatar."
   Kadhung ring desa kono hang dadi andalan yaiku kopi Cor (teka aran Curah Leduk) arupa kopi sangrai tradhisional hang disuguhaken kaya kopi tubruk.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor