Keserimpede Pelaku Seni Jaranan ring Pesanggaran
HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Selasa, 12 Juli 2022 07:36 WIB)
- Laporan
Ring taun 2022 iki wangune Corona-19 wis rada uncal. Selametan adat wis rame maning diangkati nong endi-endi. Wong iwuh wis padha diidini rame-rame, tontonan uga diidini ulih tanggapan. Salah siji tontonan Banyuwangi kang didhemeni lalare yaiku kesenian barong lan jaranan hang biyasahe manggone ana ring panggonan tawang hang sapa bain bisa ndeleng. Kadhung tontonan kang didhemeni wong tuwek akeh-akehe ya gandrung, janger, lan liya-liyane.
“Sore tanggal 10 Juli 2022 ring Buk Putih Kecamatan Pesanggaran ana tontonan jaranan. Mula penontone rame. Paran maning jaranan mula dhemenane masarakat Banyuwangi utamane lare cilik. Mung kang Sun getuni nong saknjerone atraksi iku ana adhegan kang sing pantes. Pideone wis nyebar nong media sosial. Iku melebu pornoaksi. Paran maning akeh lare cilik kang ndeleng. Aju kelendi mental lan karaktere lalare iku? Kedadiyan iki kudu ditindak tegas. Aja sampek digenengaken mung cukup nggawe pideo klarifikasi lan njaluk sepura bain,” jare Suhan Wahyu Rustin Milasari kang saiki dadi bendahara Forum Komunikasi Seniman Banyuwangi (FKSB) njelentrehaken uneg-unege.
“Makene sing tuman, sing ditiru liyane lan para pelaku seni saya ati-ati. Aja sampek nggawe asumsi masarakat gok pelaku seni iku sing duwe moral lan etika kang apik. Paran maning iku kang dadi obyeke wujud gandrung. Masiya nong kedadeyan iku kang dadi grandrunge wong lanang/transgender. Tapi kang diperanaken iku wujud gandrung, kang mesthine dijunjung kabeh wong sak Banyuwangi,” Mila nambahi.
Sakat taun 2019 seperene wis ulih telung taun lebih negara iki diterak usum laib. Sekolahan, kantor-kantor, toko, pasar, tontonan lan panggonan kang ngundang wong nggerumbung padha tutup. Merga penyakit kang aran Virus Corona-19 bisa nular liwat tetesane ilur/idu kang mecithat. Salah sijine cara nyegah nyebare penyakit iki yaiku nyuda kumpul-kumpul wong jak akehan. Akibate sekolahan padha ditutup, pelajaran mung liwat njero kawat (daring), jam sekolah lan akehe murid sak kelas diwatesi merga lelare sekolah kudu tetep njaga jarak.
Pungkasane murid arang ketemu guru. Aleya kang diwulangaken guru nyang muride iku kudu nyakup telung perkara, yaiku: 1) potensi kognitif/potensi intelektual; 2) potensi psikomotorik, lan 3) potensi afektif. Apese, wulangan iku sing bisa kelaksan kabeh merga diserintungi pageblug Covid-19. Pungkasane akeh akibate, yaiku: 1) sekolahe daring; 2) media belajare ngalih nganggo media sosial (Whatsapp Goup, Zoom, Google Classroom, Youtube, lan TV); 3) metode belajar kudu diuwah; 4) evaluasi belajar kudu diuwah; 5) wong tuwek/walimurid ngganteni guru, mulang lare ring umah.
“Ketepakan saiki pereian sekolah mari unggah-unggahan kelas. Lawas sing tau ana tontonan. Ibarate lelare iku keparad, ngelak hiburan. Ana-anane tontonan, ring jerone ana adhegan kang sing layak konsumsi kanggo lelare. Lan maning pideone wis nyebar nong media sosial pisan. Cumpu lalare saiki belajare nganggo media sosial. Yara ibarate arep methik kekiwas. Sun jaluk urun tulunge pihak kang mangku wewenang. Mengarepe bisaa nyokong tugase guru ring penanaman karakter kang apik kanggo lalare makene bisa sampurna lan tambah sukses," jare Mohammad Romdoni guru kecamatan Glagah kelairan 27 Juli 1980.
“Sakcanggih-canggihe teknologi sing bisa ngganteni perane guru kanggo penanaman karakter kang apik kanggo lelare. Mula sakpinter-pintere lare kudu diimbangi karakter kang apik makene sing kebablas tingkah lakune. Dadi wong kang wis dhewasa kudu bisa nggawe lingkungan kang cocog kanggo penanaman karakter. Merga lare cilik iku ana ring tahapan niru lan tahap pikire konkrit, dadine paran kang dideleng iku kang ditiru," jare Doni, Kepala Sekolah SDN 2 Rejosari mungkasi.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.






