Kethayalan Nulis Tabuhan Gendhing Banyuwangi

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Kamis, 02 Juni 2022 07:54 WIB)
- Laporan



Tabuhan (Instrumentalia) kanggo gendhing- gendhing utawa jugedan Banyuwangi seru angele kadhung ditulis utawa didadekaken tulisan mergane gendhing-gendhing Banyuwangi sing mung wujud cacalan thok kang mung ditabuh kaya wong baris, siji-siji taping magih ana kang diarani sesegan lan timpalan. Tabuhan sesegan lan timpalan iku nabuhe kaya wong uber-uberan lan saut-sautan. Aja cacak sak gendhing, sak bait belaka kadhung ditulis bisa dadi pirang-pirangane lembar. Bisa bain dadi petang puluhan lembar. Mangkane ngelatih nabuh gendhing-gendhing Banyuwangi sing kathik nganggo tulisan taping langsung peraktek lan ngerungokaken kang temenanan. Malah wis tau dicacak kelendi kadhung tabuhan Banyuwangi iku ditulis kanggo skripsi. Serta dicacak tabuhane, penulise nyerah sing sanggup nutugaken, angel nulise. Gedigu keterangane Kang M. Ikhwan seniman kawakan tepak dadi narasumber nong acara bedhah musik pirang dina kepungkur nong bale desa Jajag.

Kanggo mbuktekaken sarane nulis suwara (nada) tabuhan (instrumentalia) gendhing- gendhing Banyuwangi, Cak Wan, celukan akrabe Kang M. Ikhwan nyacak siji-siji tabuhan kang wis disedhiyakaken panitia, antarane saron lan kethuk. Kanggo tabuhan terbang lan kendhang Cak Wan kang sering nyekel keluncing nong gendhingan gandrung iku dikancani ambi wiyaga liyane. Mula bener, kabeh peserta ngiyakaken keterangane Cak Wan.

Kawitan kang ditabuh Cak Wan yaiku saron. Nalika nabuh cara cacalan kang jare Cak Wan iku kaya wong baris merga nabuhe siji-siji magih bisa diemat kadhung ditulis taping serta Cak Wan nduduhi tabuhan sesegan lan timpalan, sak baris kang bisa bain dadi papat utawa limang birama belaka tulisan notasine dadi sak pirang- pirang. Aja maning saron kang notasine ana lima nadha yaiku ji, ro, lu, ma, lan nem, nalika nyacak kethuk kang akrab diarani kempul kang nadhane mung loro belaka, serta ditabuh angel pisan kadhung tabuhane iku didadekaken tulisan. Malah jare Cak Wan masiya kethuk iku mung loro taping ndelehe aja keliru. Kang nadhane abot utawa gedhe kang jare Cak Wan kethuk wadon kudu dideleh pinggir kiwa sedheng kang nadhane dhuwur utawa kethuk lanang kudu dideleh pinggir tengen. Serta ditabuh, sak birama bisa dadi pirang-pirangane kethukan. Gedigu uga tabuhan terbang lan kendhang, nabuhe mula sara kudu bener-bener diemat kang temenanan.

Tepak njelasaken kelendi tabuhan ring gendhing- gendhing Banyuwangi, Cak Wan kang waktu iku dimodheratori Pak Juwono kang akrab diceluk Kang Ju mula pas. Paran maning nalika nyacak-nyacak tabuhan kang wis disedhiyakaken iku, Kang Ju kang uga pinter tabuhan (panjak) iku njelasakaen nyang peserta kang padha gemeruduk mengarep serang kepingin weruh teka parekan. Cak Wan lan Kang Ju sing nguwel nong peserta malah kon niteni pisan kelendi nabuh tabuhan gendhing- gendhing Banyuwangi. Weruh Cak Wan nabuh pirang-pirangane tabuhan, peserta tambah antusias. Malah ana kang takon paran bedane nabuh baolah ring gendhing-gendhing Banyuwangi ambi nabuh baolah ring gendhing- gendhing umume. Serta dijelasaken, temokaken mula beda cara nabuhe.

Serta arep mungkasi keterangane ring acara Workshop Musik Tradisi Banyuwangi kanggo nyambut Hari Musik Dunia 2022, Cak Wan pesen kanggo kanca-kanca kang dadi guru pembina ekstra kurikuler gendhing Banyuwangian supaya sabar lan omes ngajarine utamane kanggo lare-lare SD. Sak gendhingan bain iku bisa bain mbutuhaken waktu sampek sak semester utawa nem ulan. Merga yaiku mau mulai ngajari nabuh cacalan, disusul sesegan, aju timpalan. 

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf