Kolaborasi Musik Timur Barat Akeh Hang Kawitan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Juni 2024 10:00 WIB)
- Laporan



Masiya kolaborasi musik barat lan timur dudu hang kawitan, umpamane njumbul tepak Banyuwangi Jazz festival, naming sore Sabtu 15 Juni ring Konser Kolaborasi Musik Etnik Blambangan 2024 ring Hotel Santika akeh hang kawitan kanggonisun. Umpamane panjak tradhisional nganggo partitur, nonton musik hing ana interaksi ambi penonton, wong moto hing ulih seliweran lan liyane.
   Kaya ndeleng pertunjukan musik barat ring Gedung Kesenian Jakarta, penonton kudu lungguh anteng, penonton hang mung 200 wong sedurunge kudu mbayar (100ewu lumayan larang kanggo ndeleng musik ring Banyuwangi) lan lungguhe wis ditamtoaken kursine, keploke uga diatur mung ulih sak marine gendhinge entek.
   Minangka kolaborasi hang kawitan, konser hang digagas lan dikonduktori ambi Pak Chairul Anam teka Sekolah Musik Bavisch Bali lan nggawa 20 lare-lare pemusik digabung ambi 14 lare kelebu panjak, penari lan penyanyi teka grup Joyo Karyo pimpinane Kang Elvin Hendratha nggawakaken wolung gendhing, kerasa pas hing kariya kedawan.
   Wolung gendhing hang digawa maneka warna. Hang kawitan kanggo mbukak konsere ana Giro Belambangan karyane ruwahe Pak Sutejo, hang anake yaiku Nuno Sutejo makili Joyo Karyo Arts nerima penghargaan teka Dewan Kesenian Blambangan (DKB) hang dielungkaen ring ketuane yaiku Kang Hasan Basri.
   Hang nggawe kaju, sak suwine ping papat latihan, lalare teka Bavisch Music School lan Joyo Karyo durung tau kecaruk latihan bareng. Latihane dipimpin Pak Anam ring panggonan hang sewang-sewangan yaiku Denpasar lan Banyuwangi.
   Aja maning wong biyasah, pimpinan Joyo Karyo Kang Elvin ya kaju. Tepak kawitan teka ring Joyo Karyo, hang latihan panjak iku lalare tingkat telu ring kono. Pak Anam wis sreg, hing perlu panjak hang utama. "Kanggo nduduhaken gok sapa bain bisa diajari carane, metodologine lan bisa mainaken teorine", gedigu jare Kang Elvin nang belambangan.com. Pak Anam wis nulis telung buku hang ngajari metode main musik supaya lebih gampang diterima lare-lare hang sinau.
   "Kana akademis, metodologis dene Banyuwangi Using. Ya engko dideleng bain asile kelendi," jare Kang Elvin sedurunge mangkat acarane.
   Naming hang nggandhang para penyanyi top Joyo Karyo kayata Fajar Putra, Bella Tri, Laily Suci lan Abzarin (Jerin).
    Aju gendhinge disusul ana Paltuding (karya Elvin Hendrarha, Dian Sutedjo lan Nuno Sutedjo), Padang Ulan (NN dipopuleraken ring Sutedjo Hadi lan Sumiteo Hadi), Semebyar (karya Yon DD), Kepodhang (karya S. Parman), gendhing Bali Bunga Sandat (karya AA Made Cakra), Denpasar Moon (karya Colin Bass sampek penutupe Umbul-Umbul Belambangan (karya maestro Bs. Nurdian lan Andang CY).
   Ring pidhatone, Ketua DKB Hasan Basri, kaju ambi persiyapane. "Nana rapat bertele-tele kanggo mujudaken kolaborasi....Ngewani barang anyar kanggo kabupaten Banyuwangi. Muga musik Banyuwangi bisa terus ana kanggo generasi mengarepe."
   Hadir ring antarane penonton yaiku pengurus DKB, Asisten Bupati Bidang Kesra Pak Bramuda, Inspektorat hang uga Camat Banyuwangi dhongkol Moh. Lutfi, PLT Kadisbudpar Taufik Rahman, pemimpin Radar Samsudin Adlawi, sound engineer Taufik Shaleh, wakil teka Dinas Pendidikan, Ibu Munaris hang tau dadi kepala dinas Pariwisata taun 90an, Ibu Herman lan ketua-ketua sanggar.
   Pak Anam iki setemene dudu wong adoh. Iyane mantune (ruwahe) Pak Munaris hang bengen tau dadi Rektor Untag lan Direktur PDAM Banyuwangi. Rabine Bu Seska Mutiara iku kanca sekolahe Pak Lutfi. Lan Bu Seska uga ubed milu nyiyapakan iwuh iki.
   Hang kudu dadi cathetan yaiku ketemune nada diatonis (musik barat) lan pentatonis (gamelan Banyuwangi) kadhang rada kaya ana palese. Embuh merga masalah audio, saben musik barat bareng ambi gamelan, langsung musik barate kingslep hing rungu suwarane. Buru tepak Bungan Sandat kerungu bahola lan cellone.
   Hang jelas Konser iki dikawiti kelawan tekad musik Banyuwangi bisa disinaoni sapa bain utamane lare enom muga-muga bisa diterusaken kelawan persiyapan hang lebih dawa kanggo asil hang lebih apik.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf