Kolaborasi Pemda lan Ikawangi Nggawe Arum Aran Banyuwangi
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 06 Mei 2022 08:28 WIB)
- Laporan
Kelendi carane njejegaken lan ngarumaken aran Banyuwangi ning njaba? Salah sijine kelawan nggandheng Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) hang ana sak nusantara lan sak donya.
Sak suwene rong taun iki wong-wong Ikawangi mung kecaruk ring grup WA merga pageblug hing nduwe kesempatan kanggo mulih. Malah acara rutin Diaspora hang dianakaken ring pendhapa lan dadi sarana komunikasi antarane bupati lan wong-wong Ikawangi milu kesangglek. Taun 2022 iki ring antarane 99 event Banyuwangi Festival hang wis direncanakaken ana acara Diaspora tanggal 5 Mei, wurung pisan merga magih durung ulih ana open house lan halal bi halal hang ditekani wong akeh.
Taping kerenteg kanggo ngelumpukaken dulur-dulur Ikawangi sak nusantara hang tepak mulih nang Banyuwangi kelaksan sore ring resto Asri 2 ngarepe Balai desa Licin, hang digagas ring kang Dayat Osing Ikawangi Jakarta Timur lan kang Nurhidayat ketum Ikawangi Sumatra Grup.
Jare Sekretaris Dinas Kebudayaan dan Pariwisata, Pak Ridho hang makili Kepala Dinas MY Bramuda, ana 300 undangan kanggo acara Diaspora hang wurung dikirimaken.
Sore iku ngelumpuk nawi ana wong 50an teka Ikawangi Bali, Bogor, Bekasi, Gresik, Jakarta, Jember, Kalimantan Selatan, Klungkung, Mamuju, Medan, Palembang, Pekanbaru, Surabaya, Tangerang lan Tangerang Selatan lan Yogyakarta.
"Kelawan anane sinergi lan kolaborasi, kelendi carane ngangkat aran Banyuwangi," jare Pak Ridho.
Setemene kolaborasi antarane Pemda Banyuwangi lan Ikawangi wis dicacak sore tepak Gandrung Sewu hang wurung digelar. Taping Gandrung Sewu Nusantara hang dianakaken nganggo cara virtual dipiloni 25 Ikawangi teka pirangane panggonan kayata Batam, Balikpapan, Banjarbaru, Bontang, Denpasar, Lampung, Jakarta, Jayapura, Jambi, Jember, Kediri, Kendari, Kupang, Lampung, Medan, Malang, Mamuju Tengah, Mimika, Nabire, Palembang, Pekanbaru, Palembang, Sorong, Surabaya, Tarakan, Hongkong lan Taiwan.
Sore wis ngawiti ngedegaken Gandrung saiki sithik-sithik wis ngerambah nang Barong, jare Pak Ridho hang dikancani ambi Mbok Endang kabag Acara lan Pak Alimi kabag Pemasaran.
"Kolaborasi hang wis dilakoni umpamane macaan Lontar Yusuf, dikolaborasi ambi Macapat Jawa lan Mamaca Medura. Nawi engko nong Sumatra dikolaborasi ambi tradhisi liyane."
Sithik-sithik ambi anane Ikawangi ring dhaerah liya, aran Banyuwangi bisa tambah apik. Ceritane pak Ridho hang hing tau nyoplok udheng tongkosan Banyuwangi tepak ring istana diceluk pak Bupati hang ngadhep presiden. Panggonane adoh kadhung melibeng. Emane iyane kecaruk ambi salah siji anggota pasukan pengawal presiden hang nulung mbantu nerobos dalan liwat njero istana mergane iyane nggawe udheng. Cumpu anggota paspamprese iku mau Kang Wahyu teka Licin, nulung merga ndeleng udheng Banyuwangi.
"Gandrung iku wis melebu Warisan Kebudayaan Tak Benda Banyuwangi dadi hing bisa diaku-aku ambi wong liya," jare pak Ridho. "Dadi saiki bisa diajaraken nang uwong sapa bain lan aja wedi diaku-aku."
Ring salah siji wong hang milu pidhato ana kang Rianto ketua Ikawangi Klungkung Bali hang anake, Sheila Intan Permatasari, milu finalis Putri Indonesia makili propinsi NTB merga kuliyah ring kana, njaluk sokongan wong Ikawangi.
"Taun 1990, konotasi Banyuwangi iku elek ring Bali, taping saiki anak-anake wong Banyuwangi akeh hang nggawe prestasi nong kono," jare kang Rianto.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







