Komunitas Kreatif Hongkong Wadhah Kanggo Pekerja Migran
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 02 Desember 2022 07:34 WIB)
- Laporan
Ring Hongkong kerep ana acara pentas budaya Indonesia hang nampilaken pirang-pirang tarian, produk UMKM, kaya ring ulan November iki wis kelakon pindho.
Hang kaping sepisan tanggal 13 November diarani Pagelaran Budaya Etnis Internasional lan dianakaken ambi pemerintah Hongkong, aju hang tanggal 27 Minggu sore digelar ring Konsul Jenderal Republik Indonesia (KJRI). Naming, seksi repote ana hang diarani "Komunitas Kreatif Hongkong" hang sedurunge ngirim proposal nang KJRI kanggo iwuh iki.
"Proposale diterima taping KJRI tetep hang nggelar acarane. Kene mung nangani mbantu acarane lan ngurus pameran produk UMKM," gedigu jare mbok Levi Wijaya, wakil ketua Komunitas Kreatif Hongkong.
Acara Pentas Budaya dan Pameran Display UMKM Indonesia iku digelar ring Olympic House Causeway Bay Hongkong, ditekani Konjen RI Bapak Ricky Suhendar, Konsul Imigrasi Bapak Andi CB, lan 189 wong kelebu para penarine.
Ana 20 kelompok tari tradhisional hang tampil kelebu rong tarian teka Banyuwangi yaiku Jejer Gandrung Kembang Menur (grup kesenian Pagalawa) lan tari Jaranan Buta (grup Condro Kartiko). Tari liyane kelebu Tari Reog Ponorogo (grup Singo Wiromo), Tari Makan Sirih (The Griya), Tari Cidayu (Cina-Dayak-Melayu) teka grup tari The Nusantara.
Merga akehe grup kesenian wong pekerja migran Indonesia, kabeh tari Indonesia iki ditampilaken ring grup kesenian hang ana ring Hongkong. Grup iki wis kerep munggah genjot ring kana. Dene pamerane dipiloni 25 UMKM.
Komunitas iki sakliyane ngurus pameran, uga mbantu KJRI dadi seksi repote kayata nangani acarane lan mbagi tas hang isine maneka macem (goody bag).
Komunitas Kreatif iki diedegaken ring pekerja migran Indonesia hang ana ring Hongkong yaiku Sukarni, Levi Wijaya, Ana Widiya, lan Sumarni. Tujuwane sakperlu ngewani wadhah para pekerja migran Indonesia ring Hongkong kanggo nyaluraken kreatipitas. Hang wis dilakoni macem-macem teka mbukak kelas-kelas online kaya kelas "Menulis Puisi dan Novel", kelas "Editing Video", kelas "Canva", lan kelawan bareng KJRI nganakaken "Lomba menulis Kreatif" taun sore, lan uga "Pelatihan Menulis bareng Achi TM".
Sak suwene nggawe kegiyatan iki, Komunitas dibimbing ring Kompol Agung Wahyudi hang taun sore njabat Konsul Polisi KJRI.
Wong-wong liya hang mbantu nyurung organisasine iki macem-macem. Umpamane Yustina (Paskibra KJRI HK), Rita (mahasiswa UTHK), Fiki Umatul, Rani Melda, lan Nani Wijayanti.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







