Lakine Ibu Ida Dayak wong Rogojampi (Bagiyan 2, entek)

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 15 April 2023 08:00 WIB)
- Laporan



Tepak ditawani Mbok Lisnani Ikawangi Tangerang Selatan, isun diwanti-wanti hing ulih warah sapa-sapa merga aja sampek kedadeyan kaya nang Cilodong, pasiyene ambyak-ambyakan sampek acarane wurung merga Bu Ida beruwat teka kono. Merga buyek sangking ramene.
   Manggon ring villa Arema ring Pasir Angin, Gadog, Bogor duwene wong Malang Pak Hari KW2, isuk jam 7, wong-wong hang golet tamba wis padha kumpul.
  Wong-wong wadon dikongkon lungguh ring ruangan njero, wong lanang ring teras njaba. Kayane lebih teka 50 uwong merga hang ngateraken ya akeh, durung maning hang mung nggawe pideo, masiya diwekasi aja diunggah sulung makene hing ditekani wong liya hang sing kedaptar.
  Bu Ida ngawiti kelawan syahadat, ngucap salawat, ndonga lan negesaken gok iyane mung wong biyasah lan hang bisa nambani iku Pengeran Hang Maha Kuwasa. Dene penyakit, iku ana hang iyane bisa mbantu nambani ana hang using. Kadhung hing bisa iyane ngomong hing bisa nong ngarep lan pasien dikongkon mulih. Hebate Bu Ida iki, nambani nong ngarepe wong akeh, kadhung wong hang tangane nekuk sakkal aron, hing kerasa lara. Lan geratis. Hang mertamba mung dikongkon tuku lenga abange, regane 50 ewu. Sasate hing ana wong hang tuku mung sak botol. Nawi teka kene penguripane Bu Ida hang lakine cumpu wong Rogojampi wetane setasiyun. Lakine iki kaya wis diwarahi hing ulih cerita paran-paran.
   Aju iyane muter meriksa pasiyene siji-siji kayane ndeleng endi hang kudu disulungaken. Dadi hing ana ceritane daptar antri. Mung Bu Ida hang bisa namtokaken hang endi hang disulungaken.
   Jare ana wong hang ngomong, setemene wong hang aron marek ditambani iku combene. Iki isun dadi saksi gok iku ngawur. Wong hang kawitan ditambani, lare anake wong Banyuwangi hang uwis lebih 20 taun manggon ring Bogor. Lare lanang anake iku mau tangane nekuk kaku lan rada kolok. Jare emake, larene mula sakat bayek rada kurang. Lahir wolung ulan aju ditambahi sak ulan ring inkubator. Taping iyane mandhiri. Tepak sekolah ring SLB, mangkat mulih sekolah melaku dhewek nunggang angkutan umum.
   Hun sekseni dhewek, tangane digawe lurus, aju gulune, kayane pita suwarane dipijet, larene sakkal bisa ngomong. Dikongkon niroaken omongan ring Bu Ida: "Saya mau kawin." Bu Ida mula rada mbenu.
   Saben ngawiti arep nambani, Bu Ida njaluk disetelaken gendhing-gendhing. Ana asistene hang tukang nyuting, hang nggoletaken lagune teka youtube. Bu Ida ambi nambani wong ambi njuget-njuget, embuh karepe paran, nggawe girang hang ditambani tah makene iyane hing gancang lepruk, yong sedina njampleng nambani uwong.
   Pasiyen sakteruse wong wadon hang sing bisa melaku. Ring kursi rodha, kayane keneng setruk pisan. Marek dicekel Bu Ida, sakkal bisa ngadeg, tangane mendhuwur diejak njuget miloni goyange Bu Ida.
   Ana maning, wong nong ndhuwur kursi rodha, kondhisine wis rada nemen. Diejak ngomong wis hing semaur. Bu Ida nyerah. Marek mijet sikile, wonge ditakoni wutuh hing semaur.
   Mbok Sofi mbisiki Bu Ida, giliran sakteruse nang isun. Bu Ida mareki ndeleng tanganisun, muket lengen ndhuwurisun ambi kain lap. Aju isun ditinggal, iyane nyekel wong liya.
   Tepak mareki maning, derijinisun dilurusaken. Jempolisun disurung memburi. Lara? Ya iya. Embuh kelendi wong liya bisa hing kerasa lara.
   Marek iku isun dikongkon melaku. Kanggo ngilangi dhengkole, lengenisun dikongkon muket sedina sepisan suwine 10 menit, hing ulih suwi-suwi.
   Seperene hang hun rasakaken durung ana asile dicekel Bu Ida. Mula iku mau, jodho-jodhoan. Lan kaya hang diucap ring Bu Ida, hang nggawe aron mung Hang Kuwasa. Ya wis nak golet ihtiyar liyane maning.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf