Lalare Spensaba, Urip ring Papring
Nur Holipah (dipublikasikan pada Selasa, 06 Juni 2023 07:07 WIB)
- Laporan
Kadhung Bupati Ipuk duwe program Bunga Desa (Bupati Ngantor di Desa), SMP Negeri 1 Banyuwangi (Spensaba) ya duwe program unggulan pisan hang aran ‘Mutiara Desa’ (Murid Belajar dan Tinggal di Desa).
Kegiyatan iki dipiloni kabeh lare kelas VII hang akehe ana 285. Senin (5/5), manggon ring Rumah Budaya Kampoeng Batara, Papring – Kalipuro, lalare iki wis dipapag lan dianteni Emak Apak Induk Semang (Orang Tua Asuh). Ana 74 KK hang dipanggoni (39 kelompok murid wadon lan 35 kelompok murid lanang) sampek dina Rebo kisuk (7/5).
Telung dina suwene, sekolahe ngalih. Nyacak adoh teka emak-apak kandhung uga ‘puwasa’ teka gawai gadgete. Merga dadi aturan sekolah, dak sing ulih nggawa HP. Masiya nggawa HP, sing kira lalare iki bisa memengan ayem merga sinyale kembut-kembut.
Lalare dipilokaken Induk Semang hang pegiyetane ring tegalan lan kebonan. Embuh iku ngarit lan ngeramban, makani sapi lan wedhus, mepe asil panenan lan liyane. Lalare diajari urip paran anane. Madhang lan memengan nganggo paran hang ana ring sak ubenge umah Induk Semange. Hang dikarepaken sekolah lalare bisa saya raket sak kancaan kelawan serawung ambi wong Papring hang sedinane ngomong nganggo Basa Using lan Madura. Liwat Mutiara Desa, lalare kutha hang tuwuk dikudang fasilitas moderen iki dikarepaken bisa urip mandhiri, sing mung nyageraken wong tuweke. Temune mbisuk sing kaget tepak sinau adoh.
Sakliyane urip ambi Induk Semang, lalare uga ulih kelas ekstra bareng ambi sahabat Kampoeng Batara. Kaya tah: ajar ngenam teka welad, kelas tanduran toga, kelas sastra (gawe puisi, dongeng, nulis cerita-cendhek 3 bahasa). Sing lali uga, lalare dikenalaken memengan lawas kaya egrang lan gasing. Lalare iki uga arep diejak munggah ring Bukit Sewu Sambang kanggo ndileng melecire srengenge, kisuk.
Mutiara Desa iki setemene wis ana sakat lawas sakdurunge ana istilah Projek Penguatan Profil Pelajar Pancasila (P5) ring Kurikulum Merdeka. Liwat Mutiara Desa, wis bisa nyakup emeh kabeh dimensi hang dikarepaken ring P5. Bengene, Mutiara Desa iki duwe aran Homestay aju ngalih aran dadi Stay In Village gadug seperene dadi Mutiara Desa. Kanggo program iki, Spensaba wis tau manggon ring Suko, Gombeng, Kemiren, Segobang, lan Jopuro. Ring Papring iki setemene dadi tahun kepindho, kawitan bengen ring taun 2019 nyulungi sakdurunge ana korona.
Gok sinau iku sing mung bisa dilakoni ana ring njero kelas. Sinau sing kudu lungguh ring ndhuwur kursi lan telatakan meja. Sinau sing kudu urek-urek nganggo patelut lan pulpen. Ana wayahe lalare iki lungguh ring suket-suketan, ambi ajar lan memengan. Melek mendelik nulih kahanan ring kiwa tengen. Gok urip bisa tentrem lan ayem, kelawan nyukuri paran hang wis diuweni Gusti Pengeran.
Padha kaya semboyane Kampoeng Batara: Semua orang adalah guru, alam raya sekolahku. Mula sing luput, Papring dadi jujugan inepan Spensaba maning.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Werta
Editor: Antariksawan Jusuf






