Lare Banyuwangi Ayumi Makili Jawa Timur ring Paskibraka Nasional

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Rabu, 17 Agustus 2022 07:37 WIB)
- Laporan



Isuk iki tanggal 17 Agustus 2022, lare Banyuwangi Ayumi Putri Sasaki, nggawe mongkog merga dadi wakil Jawa Timur ring Pasukan Pengibar Bendera Pusaka nasional kanggo upacara Detik-detik Proklamasi ring Istana Negara.
   Saben propinsi diwakili lare loro lanang wadon, akehe kabeh ana 68 lare teka 34 propinsi. Dene hang lanang makili Jawa Timur lare teka Pasuruan arane Abimanyu Farrela Andhika Kusuma.
  Ayumi, kelairan Denpasar 3 Agustus 2005, mula wis sakat cilik nduduhaken bakate ring acara hang mbutuhaken disiplin. Bengen tepak magih cilik SD dadi juwara Polisi Kecil ping telu, jare ibuke, Anita, hang asal Wiyayu, Songgon hang saiki manggon ring Singotrunan.
   Ayumi hing bisa dihubungi polae wis dikarantina sakat sak ulan setengah kepungkur.
   Anak penggarep iki duwe adhik siji Akihiko Jayana Azka Jr. Kabeh kaya aran Jepang merga ibuke dhemen ambi aran-aran Jepang, jare Anita.
  Teka TK Islam Rahmatullah, Ayumi melebu SD Kepatihan, SMPN 1 Banyuwangi lan SMAne ring SMA Taruna Bhayangkara Genteng. Saiki kelas 11. 
   Sarta wis gedhi hobine olahraga lan tau juwara lomba Jalan Cepat lan Lari Estafet.
  Ayumi iki buru kawitan iki ngidek tanah ibukota lan langsung ngambah Istana Negara. Muga-muga, mengarepe saya akeh lare Banyuwangi hang duwe prestasi dhuwur nggawe arum aran Banyuwangi.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf