Lare SMA Negeri 1 Glagah Juwara Telu Nasional KSN Kebumian
Joko Purwosusanto (dipublikasikan pada Senin, 15 November 2021 08:35 WIB)
- Laporan
Lare SMA Negeri 1 Glagah dadi Juwara telu Kompetisi Sains Nasional bidang Ilmu Kebumian. Kompetisi Sains Nasional (KSN) kang sakdurunge arane Olimpiade Sains Nasional (OSN ), salah sijine kegiyatan utama kang ana ring Organisasi Pendidikan Ilmu Kebumian Internasional (International Geoscience Education Organization/ IGEO) hang tujuwane kanggo nambah minat pelajar makene peduli sinau ilmu kebumian kanggone para pelajar sak donya.
KSN iku uga salah sijine lomba kang ana ring Indonesia kang nganakaken PUSPRESNAS, yaiku Pusat Prestasi Nasional kang ana ring Jakarta. Pelajaran kang dilombakaken yaiku ana sangang pelajaran, yaiku Matematika, Fisika, Kimia, Biologi, Informatika, Astronomi, Kebumian , Geografi lan Ekonomi.
KSN iku dianakaken mulai ring tingkat sekolah, kabupaten, propinsi lan tingkat nasional. Saktemene lare-lare SMAN 1 Glagah iku mau kang milu lomba ring tingkat Nasional ana telu, yaiku Kimia, Ekonomi, lan Kebumian. Kang bisa menang lan dadi melebu dadi juwara telu nasional yaiku Kebumian. Kang pelajaran Kimia ambi Ekonomi mung gadug juwara ring tingkat Provinsi bain.
Sak Indonesia hang ulih medhali emas ana limang peserta, medhali perak 10 peserta, lan medhali perunggu kanggo 15 peserta.
Naufal Hafidz S. iku arane lare kang bisa dadi Juwara KSN Kebumian, ulih medhali perunggu ring tahun 2021 iki, kang wis diumumaken kelawan cara njero kawat (on line) ring Puspresnas Jakarta dina Jumat, tanggal 12 November 2021 jam 15.00 WIB. Miturut Kepala Sekolah SMA Negeri 1 Glagah, Drs. H. Mujiono, M.Pd., Naufal Hafidz iku magih kelas XI, kadhung jaman bengen padha ambi kelas loro SMA. Dadi ring tahun ngarep iki, iyane magih bisa milu lomba maning ring KSN iku, nawitah bisa ulih medhali perak utawa emas. Muga-muga bain bisa ulih medhali emas makene bisa ngarumaken tanah Belambangan iki.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : SMA Negeri 1 Glagah
Editor: Hani Z. Noor






