Lintang Kerti lan Kembange Kecilung
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Juni 2024 08:19 WIB)
- Laporan
Kearipan lokal hang diugemi masarakat Using akeh pitudhuh kang niteni ilmu tetanen. Salah siji wong tuwek hang magih ngerti ilmu iku, yaiku Kang Usik teka Dhukuh Talunjeruk, Glagah.
Kang Usik nyageraken pemahamane ring lontar warisane Buyut Saridin. Saridin iku dudu aran, naming gelar. Sari iku pilihan lan Din iku agama.
Buyut Saridin iki ninggalaken warisan Primbon Tatal hang kadhung diwaca bisa ngewani pitudhuh.
Miturut wong tuwek hang nggawe organisasi yaiku KUPPAT (Kualisi Pelindung Pegiat Adat Tradhisi), Kang Usik, saben malam Minggu ring desane nggawe iwuh Ngaji Primbon Tatal sakperlu njelentrehaken primbon Tetek Titen mau dadi pirangane halaman.
Umpamane jare Kang Usik,Tetek tetek titen Kitab Primbon Blambangan niteni tandha-tandha alam.
"Kapan godhonge kelor wis padha rontog lan ana udan gerigis iku udan-udanane Lintang Kerti. Pungkase udan, kelore padha metu uwohe utawa metu kelenthange," jare Kang Usik hang bengen tau milu ngedegaken Komunitas Pelestari Adat dan Tradisi (KOPAT).
Lawase udan paling sithik seminggu paling lawas limalas dina.
"Kapan uwite kecilung padha ngembang pertandha ring pesisir akeh kepithing padha ngendhog. Urang garung padha minggir lan akeh digawe calo. Ring daratan hawane adhem rasane ring awak sar-saren. Pungkase hawa adhem iku nggawe uwohe asem wis padha entek cicir."
Kadhung wis teka usum hang gedigu, "Wong tani iku wis wayahe nandur sabrang lan bawang abang. Naming wong tani parine akeh kang gabug lan padha kuyung mecucung."
Dene lare-lare cilik utawa lare bayi akeh kang padha warang utawa penyakite mutah-mutah lan pileg.
Kapan wohe sentul wis tuwek iku bengen jare embah-emah buyut, wong tani wis tandhane waktune nandur ranti.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.









