Lomba Cerita Kanggo Mengeti Dina Aksara Internasional
Nur Holipah (dipublikasikan pada Jumat, 09 September 2022 06:26 WIB)
- Laporan
Miturut UNESCO, Hari Literasi Internasional utawa Hari Aksara Internasional diengeti saben tanggal 8 September. Dina hang dihususaken kanggo mengeti pentinge njaga ‘melek huruf’ kanggo saben menungsa, komunitas lan masyarakat sak donya.
Mengeti dina iku, ring Banyuwangi seru rame ubege kanggo lalare sekolah. Lare-lare SD/MI, SMP/MTs, SMA/SMK/MA miloni Lomba Cerita hang dianakaken ambi Dinas Perpsutakaan lan Kearsipan (Dispussip) Kabupaten Banyuwangi.
Tema umume yaiku ‘Ceritaku adalah gagasanku’. Lalare nyeritakaken bab Banyuwangi, alam hayati, budaya, sejarah, lan liya-liyane hang magih ana kaitane ambi Belambangan. Lomba ana rong tahap yaiku Penyisihan ambi Final hang wis dipara miturut wilayah lan zonane.
Penyisihan wis mari sore Kamis 8 September manggon ring panggonan hang wis ditamtokaken. Pelajar hang ana ring wilayah Wongsorejo, Kalipuro, Glagah, Giri, Banyuwangi Kota, Licin lan Kabat melebu Zona Utara hang panggon lomba ana ring Aula Dinas Perpustakaan lan Kearsipan (Jalan Jaksa Agung Suprapto Nomor 43 Penganjuran). Aula Kantor Kecamatan Srono dadi panggon lomba kanggo pelajar hang ana ring wilayah Rogojampi, Blimbingsari, Srono, Muncar, Singojuruh, Songgon, Tegaldlimo, Purwoharjo, Cluring lan Gambiran melebu nyang Zona Tengah. Serehne lalare hang ning Siliragung, Pesanggaran, Bangorejo, Genteng, Sempu, Tegalsari, Kalibaru lan Glenmore melebu ring Zona Barat hang lombane manggon ring Aula Kantor Kecamatan Genteng.
Saben peserta diuweni wates wayah tampil mung 5 menit bain. Peserta uga diulihi nggawa alat peraga, poster, gambar lan liya-liyane. Lalare per jenjang iki wis dijuwut 10 hang paling apik, dina iki buru arep diumumaken. Sepuluh lare saben wilayah zona, arep ditandhing maning ring Ruang Terbuka Hijau (RTH) aliyas Taman Belambangan kidule Gesibu. Rencanane, 12 September 2022 final kanggo lare SD/MI. Serehne 13 September 2022, final kanggo lare SMP/MTs lan SMA/SMK/MA. Pengumuman pungkasan pemenang, engko disampekaken ring acara puncak Festival Literasi tanggal 14 September engkisuk.
Nong panggon liya yaiku ring Aula SMP Negeri 1 Glagah, asile Lomba Sastra Using 2022 resmi wis diumumaken. Kabeh hadhiyah diuwakaken ambi Pak Didik Eko Wahyudi, Kasi Peningkatan Mutu lan PTK SMP, Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi.
“Memang kegiatan kita hingga akhir tahun masih ada. Festival Sastra, nanti di bulan November. Juga ada Pildacil dan MTQ,” gedigu ujare Pak Didik tepak sambutane.
LOMBA NULIS LAN MACA PUISI
Juara I: Kahfinzu Rivy N.A (SMP Negeri I Banyuwangi)
Juara II: Tirta Baiti Jannah (SMP Negeri 1 Giri)
Juara III: Nur Alyuni Citra (SMP Negeri 2 Kabat)
Juara IV: Sabrina Khoirunisa (SMP Islam Terpadu Al Uswah)
Juara V: Putri Sindy Nur Alfiana (SMP Negeri 3 Banyuwangi)
LOMBA PIDHATO BASA USING
Juara I: Okta Aghniyuha Ramadhani (SMP Al Qur’an Safinda)
Juara II: Ica Septia Ramadani (SMP Negeri 1 Blimbingsari)
Juara III: Ghinaa Faadiyah Aliyya Kusnadi (SMP Negeri 1 Banyuwangi)
Juara IV:Gustian Ali Wafa (SMP Ngeri 2 Kabat)
Juara V: Almira Rizka Ferlina S (SMP Negeri 3 Rogojampi)
LOMBA NULIS CERITA CENDHEK USING
Juara I: Terta Cristantra Pramono (SMP Negeri 1 Banyuwangi)
Juara II: Rizky Saputra (SMP Negeri 4 Genteng)
Juara III: Laily Suci Ayu Agustin (SMP Negeri 1 Banyuwangi)
Juara IV: Aghni Alvionita (SMP Negeri 1 Srono)
Juara V: Raka Tri Rizky Hansyah (SMP Negeri 2 Glagah)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Werta
Editor: Antariksawan Jusuf






