Lomba Mewarnai Kanggo Ningkataken Kompetensi Lalare
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 05 Mei 2023 07:17 WIB)
- Laporan
Wayah milu Lomba Ngeliri Literasi Using sore, lare-lare bisa ndadekaken kegiyatane kanggo nggayuh kekarepan hang lebih dhuwur.
"Lomba Mewarnai Literasi Using iki dadi bagiyan hang penting ring proses kanggo ningkataken kompetensi lan kuwalitas ring Kabupaten Banyuwangi," jare Kabid Diknas Banyuwangi Pak Sutikno nganggo basa Indonesia, tepak mbukak acara Lomba Mewarnai buku Omprok lan Sampur liwat zoom, merga iyane magih ana tugas ring Malang.
Sore Lomba Mewarnai buku Omprok lan Sampur dianakaken bareng ring 25 kecamatan sak Kabupaten Banyuwangi, dipiloni 1.210 lare.
Kanggo mengeti Hari Pendidikan, Dinas Pendidikan tetep nyurung lare-lare supaya ajeg kegiyatane lan sinaune merga Literasi wis dadi perioritas ring Kementrian Pendidikan, Kebudayaan, Riset dan Teknologi. "Utamane kelendi carane lalare bisa nggayuh sukses ring asesmen nasional," jare Pak Tikno.
Lombane iki uga bisa dadi wahana lare-lare hususe lare SD kanggo merujukaken kreatipitas lan minangka cara kanggo ningkataken keterampilan lalare hang tujuwane ndadekaken lalare minangka generasi mengarep hang nduweni kuwalitas dhuwur.
Nyilih omongane Bupati Ipuk, Pak Tikno ngomong gok literasi hing mung sewates maca tulis. "Tugase kene iki nyurung Literasi hang lebih wera yaiku literasi budaya."
Lomba Mewarnai sore digelar ring saben-saben kecamatan. Hang ring kutha Banyuwangi dipiloni lare 100, dianakaken ring aula SD Model Sobo.
Mari karyane ngelumpuk kabeh, dina Minggu kesuk arep dianakaken penjurian. Engko saben kecamatan dipilih siji hang paling apik. Siji wakil iki arep dipilokaken ring tingkat Kabupaten sampek ketemu juwara 1, 2, 3 lan Harapan 1, 2, 3. Jurine yaiku Wega Averina hang nggawe ilustrasi buku Omprok lan Sampur, Taufiq Saleh hang nggarap lebih 30 samak buku hang diterbitaken Sengker Kuwung Belambangan, Moh. Syaiful guru Seni Rupa ring SMPN 1 Banyuwangi. Dene ketua Dewan Jurine yaiku S. Yadi K. pelukis Banyuwangi hang karya lukisane dikoleksi istana negara.
Lalare hang menang iku ulih hadhiyah piyagam, pelakat lan picis pembinaan.
Pengumuman pemenang lan seserahan hadhiyah arep dianakaken ring Gedung Juang tanggal 25 Mei tepak ana acara Literasi Using.
Buku Omprok lan Sampur setemene buku cerita basa Using hang ebek ilustrasi, cocok kanggone lare SD hang golet materi wacanan basa Using. Kelawan gambar cemeng putih, lalare ya bisa ngeliri dhewek bukune. Ceritane bab lare wadon hang kepingin milu Gandrung Sewu. Naming nong kono uga ana sejarah lakune gandrung teka jaman Landa sampek seperene. Kadhung kepingin duwe bukune, bisa digoleti ring Toko buku Timur Bersaudara, elore Perliman.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







