Lomba Nulis Cerita Rakyat
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 30 Januari 2023 07:02 WIB)
- Laporan
Untag 45 Banyuwangi arep nganakaken lomba nulis cerita rakyat hang dipercaya sampek turun-temurun. Sedurunge mangkat ngarang, calon peserta diwajibaken milu workshop ngenengi masalah kelendi carane nyusun lan nulis cerita rakyat iku.
Workshop dianakaken dina Jemuwah (17/1) 2023 ring kampus Untag 45 Banyuwangi. Ketua panitiyane, mbok Uut nyampekaken kadhung Banyuwangi iki gudhange cerita rakyat.
"Mulane panitiya sing tanggung-tanggung ulihe nekakaken nara sumber. Narasumbere wis duwe pengalaman nulis cerita yaiku Mbah Aekanu, Anang Fauzi lan Kang Fredy teka Radar Banyuwangi hang duwe tulisan cerita-cerita horor lan mistis ring medsos," abane Mak Guru SMANTA Banyuwangi iku.
Peserta hang milu workshop akehe ana 80an lebih teka pelajar SMA/SMK/MA lan Mahasiswa/Mahasiswi. Dikarepaken ambi Mbok Uut, jumlah semono akehe iku bisa saingan ulihe nulis cerita.
Narasumber Mbah Aekanu nyampekaken pengalamane nulis masalah Barong Kemiren, aju Kemendikbud tertarik kepingin weruh wujud pentasane grup teater tradhisi Barong Kemiren.
"Serta mari ndeleng wujude, Kemendikbud nggawa grup barong iku kanggo pentas ring Frankfrut Jerman," abane Mbah Aekanu hang pangsiunan PNS ring Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) iku.
Bida maning ceritane narasumber Anang Fauzi. Iyane nyeritakaken anane Sritanjung ring antarane alam nyata lan goib utawa maya.
"Sritanjung iku uwis jelas-jelas legendha. Cerita hang digawe kanggo nguwataken anane banyu hang wangi. Merga sedurunge diarani Banyuwangi, alas hang dibabad dadi istana Banyuwangi iku arane Tirtaganda. Lha ganda iku artine mambu. Mambune kelendi, banger tah wangi? Kanggo nguwataken gok gandane wangi, aju diencepaken cerita legendha Sritanjung dadi asal usule sebutan aran Banyuwangi. Taping, hang aran Sritanjung iku kerep njumbulaken wujude. Masiya tah wis nyilih ragane menusa. Aja nyacak-nyacak nggawe kegiyatan hang ana kaitane Sritanjung, taping sing uluk salam ring sumur Sritanjung. Bisa dipasthekaken kegiyatan iku ring mburiane mesthi ana masalah," abane Anang Fauzi nguwataken cerita Sritanjung hang disampekaken Mbah Aekanu sedurunge.
Bida maning ambi narasumber Fredy hang cerita sambunge diunggah ring medsos. Iyane lair ring Singosari Malang lan saiki uwis netep urip ring Desa Kelir.
"Isun terus terang gerogi jejer ambi Mbah Aekanu lan Anang Fauzi. Kadhung umur, Isun iki magih kelebu anake. Gedigi. Cerita hang Sun tulis iku akeh teka ceritane Buyut. Buyutisun iku uwong ngerti hang dianggep dadi tuwek-tuwekane uwong Kelir. Kadhung ana uwong kesurupan, hang dijaluki tulung iku ya buyutisun iku. Ana serangan goib sampek nggawe uwong liyane lara, buyutisun hang dijaluki tulung. Mulane inspirasinisun iki sing asat-asat," abane Kang Fredy hang sarjana sastra iku.
Mari acara workshop peserta kudu milu temu teknik sekala iku ring panggonan hang padha.
"Alhamdulillaah peserta workshop tambah semangat lan imajinasine kepancing ambi para Narasumber mau. Sebab miturut Anang Fauzi mau, cerita-cerita hang keneng didadekaken cerita rakyat utawa legendha urban iku wakeh. Sing mung Sritanjung-Sidapaksa," abane Uut mungkasi gesah ambi belambangan.com.
(Kang Ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







