Lomba Paduan Suwara Etnik Nusantara
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 13 Desember 2022 06:59 WIB)
- Laporan
Lomba Paduan Suwara Etnik Nusantara tingkat Pelajar SLTP dianakaken seminggu jampleng ring Rumah Kreative Jl. A.Ýani elore Gedung KORPRI Banyuwangi. Lomba iku dipiloni 57 kelompok peserta. Saben peserta kudu nggawa gendhing wajib banyuwangen lan siji gendhing pilihan teka dhaerah liya.
Teka peserta iku mau dijuwut limang kelompok peserta kanggo babak final dina Kemis (8/12) kepungkur.
Kepala Dinas Pendidikan Kab.Banyuwangi, Suratno nyampekaken kadhung lare-lare pelajar kudu duwe kreatipitas berfikir. Kanggo njumbulaken masalah iku, salah sijine liwat lomba kesenian.
"Lha....Banyuwangi iki dihuni ambi warga macem-macem etnik. Taping etnik paran bain ya kudu dhemen ambi kesenian banyuwangian. Salah sijine ya ning masalah gendhing-gendhing Banyuwangi," abane Kang Ratno nalika pidhato laporan lan njaluk supaya Bupati utawa hang ngewakili gelem nguweni sambutan pembukaan babak final.
Acara hang dianakaken ring latar iku dibukak kanggo masyarakat umum, ditekani uga ambi Forum Komunikasi dan Koordinasi Pimpinan Daerah (FORKOPIMDA) Kabupaten Banyuwangi.
Asisten Pembangunan dan Kesra Setda Kab.Banyuwangi, Ir. H. Arif Setyawan ngewakili Bupati, nyampekaken kadhung Banyuwangi iki gudhange kesenian, Senimane sak abrek-abrek. "Embuh kelendi-kelendiya wujud ilate etnik Medura lan etnik-etnik liyane, ikulah anane. Masiya gedigu, Rika lan Isun kudu tetep mongkog merga atine sing bisa pisah ambi Banyuwangi," abane Pejabat hang akrab ambi sapa bain iku. Liwat ndhemeni gendhing banyuwangen, dikarepaken supaya lare-lare nduweni rasa rumangsa kadhung awake mangan nginum, ceker-ceker ring tanah Banyuwangi ya kudu gelem nguri-uri seni lan budhaya Banyuwangi.
Babak final nyuguhaken limang peserta. Serta limang kelompok iku ditegaraken, Juri milih urutan juwara 1 digape SMPN 1 Glenmore hang ilat Medura iku, juwara 2 SMPN 1 Banyuwangi, juwara 3 SMPN 2 Banyuwangi, harapan 1 SMPN 3 Genteng lan harapan 2 SMP Santo Yusup Banyuwangi. Para pemenang iku ulih piagam, trophy lan picis pembinaan.
(kang ujik)
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







