Lomba Sastra Using Hang Kelendi Maning?

Nur Holipah (dipublikasikan pada Rabu, 31 Agustus 2022 08:16 WIB)
- Laporan



Taun rongewu rolikur iki, kabeh-kabeh temenan jenggirat maning. Jare Bu Ipuk, rebound. Selasa, 30 Agustus 2022 Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Basa Using SMP nganakaken audhisi kanggo Pekan Lomba Sastra Using. Manggon ring SMPN 1 Giri sakat jam 7 isuk sampek soren, lomba iki dipiloni lalare SMP sak kabupaten Banyuwangi.

Lombane ana telu yaiku Lomba Pidhato Basa Using hang manggon ring aula mburi, Lomba Nulis lan Maca Puisi lan Lomba Nulis Cerita Cendhek manggon ana ring ruang Multimedia lantai 2.

Pidhato langsung dibiji ning Abdullah Fauzi, Aden Syahlana, lan Iwan Fathurrohman. Hang mbiji Nulis lan Maca Puisi ana Fatah Yasin Noor, Yon’s DD ambi Hendro. Dene  hang mbiji ring lomba Cerita Cendhek ana Sujianto, Urip Limartono Aris lan Agus Takarianto.

Hang nggarai girang merga lomba kawitan iki nduduhaken wakeh lare enom hang gelem milu nguri-uri. “Lomba iki yara anyar, kawitan, taping lalare iki kaya dhayoh teka ampyak-ampyakan. Alhamdulillah. Kabeh lalare hang milu ring lomba iki, bisa miloni Festival Sastra, November kisuk. Iki semayane...” jare Yeti Chotimah, ketua panitia lomba.

Megiyete MGMP Basa Using iki wis dikawiti ambi penyusunan Kamus Percakapan lan talkshow ‘Pengembangan Bahasa Using’ ring radio Belambangan FM ulan Juli sore, runtung-runtungan ambi Merdeka Belajar edhisi 17 hang wis disampekaken ambi Menteri Pendidikan, Kebudayaan Riset lan Teknologi (Mendikbudristek) Nadiem Anwar Makarim yaiku ‘Revitalisasi Bahasa Daerah’.

“Lomba iki dudu nak ngusingaken kabeh wong Banyuwangi. Merga yara ana wong Jawa, Medura lan Using hang manggon ring kene.” abane Yeti, nutugaken.  

“Mugi-mugi saben taun ana. Kalingana asik temenan nyepakaken lalare kanggo lomba iki. Masiya lare kidulan hang sedina-dinane Jawa-an, lalare tetep gelem milu ngeramekaken, gelem nyacak, masiya tah cara ngucap Usinge magih mambu-mambu Jawa,” jare Iqlima, guru SMPN 1 Srono.

Ring lomba pidhato, dipiloni akehe ana 49 peserta. Lomba Nulis Cerita Cendhek ana 37 lare. Hang lomba Nulis lan Maca Cerpen akehe ana 46 peserta. Mula ring lomba iki panitia nguweni wates, saben sekolah mung ulih kirim (maksimal) 5 muride kanggo puisi, 3 murid kanggo pidhato, lan 2 murid kanggo cerita cendhek. Saben lomba wis dijuwut 5 peserta hang duwe juwara (peringkat) hang paling dhuwur kanggo ditandhingaken maning dina iki ring panggon hang padha.


Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Warta

Editor: Antariksawan Jusuf