Maderusan ring Disbudpar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 04 April 2023 07:56 WIB)
- Laporan



 Saben ulan puwasa, Kepala Disbudpar Banyuwangi,  MY. Bramuda nugasi setape supaya nganakaken maderusan saben jam ngaso ngeraina. "Ya.... Maderusan utawa gantian maca Quran ring Pelinggihan Prabu Tawangalun uwis dianakaken sakat petang taun kepungkur.  Dadi, dikarepaken, kelawan anane Maderusan dikarepaken lingkungan Dinas bisa rumang.  Pikiran bisa rada adhem," abane Kadisbudpar nalika gesah ambi awak media kapanane ring Pelinggihan.
   Kadhung dinyatakaken saben dinane hang maca lan nderes sing kurang teka limang wong. Ngajine gentenan. Ana hang maca ya ana hang nyimak. "Maderusane tertib Kang.  Kadhung tepak maca iku berarti  kudu ngerumangsani  awake nepaki dadi santri. Hang nyimak nalika iku kudu ngerumangsani gok awake iku guru.  Dadi hang maca nawi ana salah lupute kudu ngerungokaken lan legawa nalika dibecikaken kancane hang nepaki nyimak.  Dadi kudu padha-padha ngarteni," jare Sekdin Choliqul Ridha sedhela sakmarine maca lan nepaki ngeluk boyok ring Pelinggihan Prabu Tawangalun.
   Sabendina hang diwaca diwatesi mung telung juz. Saben ulan puwasa biyasahe atam ping telu. Merga ambi disambi nutugaken pegaweyan. "Alhamdulillah..... adate, Kadis nyepakaken tali asih kanggo hang ajeg milu Maderusan ring Pelinggihan. Bengen-bengen iku kelambi koko, arloji, kethu lan liya-liyane.  Ya embuh tahun iki. Muga tetep ana. Masa nagih iki. Ngengetaken. Sebab hang nerima seneng ati,  hang amal ya pesthi cemeng kopine pisan, " gudhane Ghozali hang bengen tau nyupiri mantan Bupati Anas iku.

Miturut Kadisbudpar, Bramuda, Bupati Ipuk Fiestiandani tau nyampekaken, kadhung ulan puwasa mula kudu diisi amalan-amalan. "Embuh iku nganggo cara kopralan utawa secara sosial.  Merga ulan puwasa wayahe Gusti Alloh obral opah lemburan hang ditikel-tikelaken pirang-pirangane tikel. Kelawan anane suwara Quran diwaca, bisa nggawe pikiran lan ati saya tenterem," abane.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor