Madu Bidara lan Omah Madu Bale Kayu

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 13 Juli 2024 06:33 WIB)
- Laporan



Tepak ana iwuh Pameran Apkasi Otonomi Expo 10-12 Juli sore ring Balai Sidang Jakarta, stand Banyuwangi nduduhaken rong produk hang dadi agul-agul: madu bidara lan kopi.
    Madu bidara iki kelebu varian anyar lan langsung dadi rebutan. Ring dina kawitan pameran bain madu bidara iku langsung gemet. Hang tuku kelebu Wakil Presiden Terpilih Gibran hang kober sanja ring stand Banyuwangi njaluk kopi corotane barista Novian.
    Produsen madune, Omah Madu Bale Kayu, Jl. Tidar 101 Singotrunan, ngarepe Kuburan Bendo, duwene Mbok Dewi Umami alias Mbok Mamik.
   Jare Mbok Mamik, iyane wis dadi pelanggane Blambangan Honey duwene Pak Fendi sakat rong taun kepungkur. Buru ulan Mei 2024 sore madu asile Blambangan Honey diproduksi bareng ambi Omah Madu Bale Kayu.
    Omah Madu Bale Kayu nduwe kekarepan hang lebih dhuwur yaiku njaga keseimbangan alam liwat madu.
   "Madu hang diasilaken liwat proses alami. Aseli teka alas hang ana ring sak ubengane Banyuwangi lan hang dibudidaya ambi peternak Banyuwangi," jare Mbok Mamik hang uga dadi bagiyan keluwarga besar restoran Ayam Goreng Wina.
   Saiki Bale Kayu nduwe 13 macem varian rasa madu: Madu Hutan, Klanceng, Randu, Sonokeling, Mangga, Mete, Kopi, Kaliandra, Eucalyptus, Vernonia, Multi Flora, Kesambi,  hang pungkasan lan dadi sisik melike yaiku Bidara hang buru bain dikenalaken sakat Mei sore.
   Madu Bidara iki rasane rada kecut, manise tipis, lan ana rasa kacang almon.
   Merga durung tau ana sedurunge, Bidara dadi rebutan. Malah ana eksportir madu Jakarta sakkal mesen kadhung bisa wolung kintal saben ulane. Taping produsen madu Banyuwangi nyemayani buru bisa limang kintal.
    Setemene werane alas bidara ana 7000 Ha, hang dipanen buru 1000 Ha.
   Sore iku suwine telung ulan panen saiki wis entek rijig nong pameran, jare Mbok Mamik.
   Alangan hang kudu diadhepi, iklim hang kerep uwah, nggarahi ngerusak produktivitas madu.
   Seperene panenan iku tergantung kelendi musime lan nektar (bagian kembang hang disesep tawon) aju dadi madu. Saben musim bisa sampek 500 kg lebih. Setaun paling sithik bisa panen pindho.
   "Hang husus Bale Kayu, Isun nebus kira-kira 50kg. Magih ana pesenan hang durung diateraken. Total panenane kira-kira 200kg. Nong Banyuwangi yara akeh produsen madu liyane," jare Mbok Mamik.
   

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor