Malam Anugerah Resepsi Harjaba 251

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Rabu, 21 Desember 2022 05:53 WIB)
- Laporan



Pirang- pirangane dina sakdurunge acara Harjaba, wis akeh wara-wara kadhung tanggal 18 Desember 2022 bengi ring Taman Blambangan ana tontonan minangka resepsi Harjaba kaping 251 kang nekakaken penyanyi- penyanyi piral kaya Wandra Restusiyan, Farel Prayoga, Denny Caknan lan Happy Asmara. Pemerintah Kabupaten Banyuwangi nekakaken penyanyi-penyanyi iku mula kanggo ngibur masarakat Banyuwangi kang wis bisa ngeliwati, ngatasi pageblug covid 19 masiya tawis sampek saiki magih ana wong kang keneng virus covid 19 taping sing kaya rong taun kepungkur.

Minangka mengeti dina dadine Banyuwangi kaping 251, bengi iku ring Taman Blambangan penonton tublek blek. Acara kang diangkati jam setengah pitu, taping magih durung wayahe, penonton wis ngebeki Taman Blambangan. Sing perduli  nontone mung liwat layar kang dipasang ring sakubenge Taman Blambangan, penonton sing cilik ati ndeleng artis kang didhemeni mung lungguh ning kelasa kang digelar. Pokoke ndeleng.  

Aja takon sarane tamu undangan kang tekane liwat teka jam setengah pitu, angel ulihe liwat. Melebu sesek-sesekan. Gedigu magih ana suwarane lare cilik kang kepiyer nangis ring gendhongan. Mangkane sing heran ana lare kang digotong petugas dilebokaken nyang jerone ambulan kerana semaput.

Sakdurunge acara dikawiti, Farel lan Wandra ngibur penonton pirang- pirangane lagu. Gedigu Farel nggendhingaken Aja Dibandingke, penonton padha kompak milu nyanyekaken pisan. Nalika Wandra tampil lan ngibur penonton, sing kalah kompake penonton uga nyanyi bareng. Temakaken lagu-lagu kang digawa Wandra embuh iku lagu lawas kaya Kelangan sampek lagune kang anyar, penonton padha apal. Kadine kahanan Taman Blambangan tambah katon meriyah.

Wis kaya biyasahe acara dibuka ring Bupati ambi ngedum santunan kanggo lare atim ambi diiringi  selawatan. Sambutan tarian gandrung lan jaranan buta uga terbangan sing ketinggalan nyambut penonton kang antusias ngebeki taman Blambangan bengi iku. Kaya biyasahe pisan, saben acara Resepsi Harjaba, kepilih wong-wong kang duwe prestasi. Aran acarane bain muni Malam Anugerah Insan Banyuwangi Berprestasi, kadine pemerintah Kabupaten nganugerahi wong-wong Banyuwangi kang duwe prestasi didadekaken acara pokok saben resepsi Harjaba. Ring taun 2022 iki kepilih sekitar 21 wong kang nampa anugerah. Kerana anane Pandemi Covid 19 mangkane prestasine dikelompokaken telung kategori yaiku kategori Tangani Pandemi, kategori Pulihkan Ekonomi, lan kategori Merajut Harmoni.

Kanggo kategori Tangani Pandemi, antarane Agus Wahyudi lan kanca-kanca kang kepilih kerana dadi tukang njugeri kuburane wong- wong kang ninggal akibat keserang covid 19. Jare Bupati, wong hebat kang kaya Agus Wahyudi lan kanca-kanca iki kudu siyap keserang penyakit corona. Sing mung njugeri kuburane taping tugase methek utawa ngelebokaken mayit sampek nong njero langat pisan. Ali Zainal Abidin (Ali Abwen), lare nom kang kepilih ring kategori Pulihkan ekonomi iki merga iyane duwe industri abon lan bisa masaraken sampek nyang wilayah sak Indonesia. Masiya tawis usahane iki teka nol puthul lan dikawiti titip nyang warung kang ana ring sakubengan umahe. Kadhung kategori Merajut Harmoni, kepilih antarane ruwahe Achmad Zulkarnain (Bang Dzul), potograper dipabel kang duwe gelar Best of the best photographer Exibition Turkey Photography.

Acara dipungkasi sakmarine Happy Asmara lan Denny Caknan nyanyekaken lagu-lagu ambyar kang dikompaki ambi penonton nom-noman sak taman Blambangan. Sing mung penonton kang nong njabane undangan, tamu undangan lan Bupati sak pejabate pisan milu njuged nalika Denny Caknan tampil. Tepak wis ambi pidhatone Bupati, masarakat Banyuwangi mula kompak, jarene.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf