Man Ino Tampil ring Tangerang Selatan
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 24 Juli 2023 08:51 WIB)
- Laporan
Ana hang bida ring iwuh kanggo mengeti dina dadine Ikawangi Tangerang Selatan kaping telu Sabtu sore (22/7) yaiku tampile Macaan Pacul Gowang Arum Dalu hang dipimpin Man Ino teka Jopuro.
Man Ino hang biyasah melebu pideo piral ring hape-hape, nggawa anggotane yaiku Kang Koniadi lan Kang Slamet Sugianto utawa hang kawentar kelawan sebutan Antok Gerang Kalong, karo-karone teka Glagah.
Ngangkati tampilane, Kang Ino muni: "Njaluk sawur diwani loksor, dientup tawon. Kula nong ndhuwur, ndika teng ngingsor, amite mawon."
Aju iyane ngawiti ngetokaken lontar Yusup lan maca gentenan, disusul paculan lan senggakan. Penonton hang ngarti munyik-munyik. Ketua Panitia Mayor Imam hang aktip ring Lemhanas, malah milu ndheprok ring genjot lan urun milu basanan.
Dina dadine Ikawangi Tangerang Selatan ditekani para sesepuh hang mbengen mbabat alas ngedegaken Ikawangi hang kawitan taun 1972, kayata Pak Sutarjianto, Pak Noer Hafandi, Pak AbdulHamid, uga pembina Ikawangi kaya Pak Bambang Sugiyono, Ketua lan pengurus Ikawangi Pusat Pak Rusdi Maksum, Wakil mbok Titik, Kang Sudibyo, Bendahara Mbok Elka, Sekretaris Kang Suryanto, lan ketua Ikawangi Sumatera Selatan Kang Suroso. Uga Ketua korwil Ikawangi liyane kaya Kang Agus Hendro (Jakarta Pusat), Kang Sugiman (Jakarta Timur), Mbok Kurnia (Bekasi), Kang Danar (Bogor), Kang Sujiono (Ketua Gowes hang nggawa rombongan teka Tangerang Raya.)
Ketua Ikawangi Pusat Mayjen TNI ((Purn) Rusdi Maksum ngomong iyane enget magih jaman cilikane, tepak sunat nganggo welat polae munggah mudhun genjot ditabuhi terbang teka grup Kuntulan Gondo Arum Tangerang Selatan.
"Arep kungkum banyune getuh
Assalamualaikum warohmatullohi wabarokatuh", cumpu Ketua Ikawangi Tangerang Selatan Mbok Titin Iriani wis mangkat ketularan nganggo basanan, ngawiti pidhatone.
Jare Mbok Titin, ibarate bayi hang umur telung taun, magih melaku gerathulan. Naming, Alhamdulillah, sithik-sithik nggendhong indhit melakokaken organisasine:
1. Taun sore nggelar Peringatan Maulid Nabi nekakaken Ustad Abdul Gofar teka Banyuwangi.
2. Ngedegaken grup Kuntulan Gondo Arum.
3. Nganakaken Jumat berkah lan takjilan tepak puwasaan.
4. Nggawe database anggota.
"Muga-muga laku hang sithik iki bisa ngewani urun ring mbangun Ikawangi."
Mbok Titin nutup: "Arep selulup, kelambine delehen ring wetan.
Mayo guyub, mbangun Ikawangi Tangerang Selatan."
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







