Marek Pelatihan Revitalisasi Bubar, Magih Kudu Selabar

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 14 Juli 2023 08:13 WIB)
- Laporan



Banyuwangi wis mungkasi iwuh Revitalisasi Basa Using hang digelar Balai Bahasa Jawa Timur (BBJT) sore taping hang magih dianteni terusane yaiku nyelabaraken asile (Pengimbasan) nong guru-guru liyane uga murid-muride.
"Sun karepaken engko kabeh milu ngawal Pengimbasan basa Using ring Banyuwangi," jare Dr. Okta Vidiyanti, lare Banyuwangi ring BBJT hang dadi ketua panitia Program Revitalisasi.
   Mbok Okta ngomong Banyuwangi minangka kabupaten pungkasan ring program iki sak mareke pelatihan kanggo guru master ring Sumenep, Pamekasan, Sampang lan Bangkalan. Merga hang direvitalisasi iku rong basa ring Jawa Timur: Medura ring pulo Medura lan Using ring Banyuwangi.
  Program kawitane yaiku mbina guru-guru mastere, aju teka guru master nyelabaraken nong guru liyane. Hang dilatih ana 30 guru SD lan 30 guru SMP.
   Guru-guru master iki wis dilatih ring pitung materi ambi para maestro yaiku Maca Nulis (Antariksawan), Ndongeng (Slamet Penyet), Nulis Cerita Cendhek (Abdullah Fauzi), Ngewer 'stand up comedy' (Ali Kenthus), Nggandhang (Wiwin Indiarti), Pidhato (Nani Asiany) lan Gurit Using (Eko Budi Setianto).
   Sakteruse, guru master iki kudu nyelabaraken ring guru liyane lan murid-muride. Engko murid-muride bisa milih nyinaoni salah siji ketrampilan iku lan hang paling apik arep dipilokaken ring Festival Tunas Bahasa. Hang kawitan ulan Nopember kesuk ring Surabaya bareng ambi lalare Medura teka petang kabupaten, aju hang menang arep diedu maning ring tingkat nasional ulan Pebruari 2024 tepak Hari Bahasa Ibu Nasional.
   "Dadi Pengimbasan engko iku penting seru ya Bapak Ibu," jare Mbok Okta. Saben wilayah engko kudu lapor kelawan ngirim pideo paran bain hang wis dilakoni.
   Masiya rada gerathulan, basa Using wis dadi pelajaran muatan lokal ring SD sakat taun 2005. Hang ring SMP mandheg taun 2013 merga kurikulum anyar nyataaken gok guru kudu ngajar pelajaran hang padha ambi kompetensine.
   Naming, jare Yeti Chotimah ketua MGMP Basa Using SMP, sakat taun sore Basa Using wis diajaraken maning ring kelas 7 ring 16 sekolahan. Taun iki arep ditambah kanggo kelas 7 lan kelas 8 ring 29 sekolah.
   Yeti ngomong iyane dhemen seru ring pelatihan iki merga lebih akeh perakteke timbang teorine.
   Minangka penutup, guru-guru nggelar sandhiwara barong Jakripah. Masiya hing kathik latihan sedurunge, sandhiwarane bisa apik. Sampek Mbok Okta ngewani jempol. "Ale hing nganggo latihan, guru-guru bisa tampil maksimal."

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor