Masarakat Boyolangu Nggelar Puter Kayun

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 02 Mei 2023 07:35 WIB)
- Laporan



Warga Kelurahan  Boyolangu nggelar Adat  Puter  Kayun. Saben tanggal 10 Sawal masarakat Kelurahan  Boyolangu Kec. Giri Banyuwangi ngelakoni adat Puter Kayun. Adat iku kanggo ngeregani deredes keringete Ki Buyut Jakso utawa Ki Martojoyo ulihe ngawiti mbabat alas Silangu kanggo persawahan,  panggonan ngiyup lan panggonan ibadah.
"Jare Sembah, Buyut Jakso iku tau dadi tukang golet suket kanggo makani jarane Bupati Mas Alit. Kerana sing dhemen ring uwong Landa hang seliwar-seliwer ring Pendhapa Kabupaten, Buyut hang kejuluk Jakso iku minthik-minthik ninggalaken Pendhapa nuju alas Silangu. Ring alas iku kecaruk ambi keluwargane Nur Iman (11). Nur Iman didadekaken anak angkat ambi Buyut Jakso. Mulane warga masarakat Boyolangu saiki iki keliru gedhi kadhung sing gelem sukur ning Pengeran, merga kelawan anane Buyut Jakso,  alas Silangu dadi perkampungan," abane Ketua adat Puter Kayun,  Ustad Abdallah nalika didhayohi ring umahe hang ana ring sabrange langgar tinggalane Buyut Jakso.
   Wakil Bupati Banyuwangi ngewakili Bupati Ipuk Fiestiandani, Pak Sugirah nyampekaken,  Ki Buyut Jakso iku pahlawan. Warga Boyolangu kudu ngeregani lan duwe rasa sukur duwe tokoh hang uwis nandur jasa mbukak gunung watu kelawan ilmune.  Kanggo nengeri peristiwa ndhodhol gunung watu iku,  didelehi tetenger ring pinggir pesisir  sampek seperene kesebut Watu Dodol. "Mula, masarakat kudu sukur.  Sapa uwonge hang gelem sukur ulih tambah kenikmatan hang numpuk-numpuk. Sak walike,  sapa-sapa uwong hang kufur ning nikmate Pengeran, Allah bakale nguweni siksa hang keliwat-liwat siksane," ujare Wabup H.  Sugirah, Senin(1/5) nalika pidhato.
   Kanggo ngeramekaken adat Puter Kayun iku,  Sakat 28/4 panitiya mbukak pasar UMKM kelawan macem-macem dodolan ulihe kerajinan,  panganan lan ombenan has kayadene temu lawak. Ana gelar pawai budaya,  panggung kesenian lan uga diisi kelawan semakan Quran lan Tahlilan ambi ngirim kembang ring makam Buyut Jakso.  Puter Kayun hang dilakoni saben taun iku,  jujug pungkase ring Watu Dodol.  Sakliyane  nunggang dhongkar,  warga uga akeh hang nganggo montor lan sepidhah udhud. Ambi kanggo nengeri selametan lebaran kopat (27/4), sakat mari magerib,  warga Boyolangu nganakaken selametan kampung ring ngarepe umahe dhewek-dhewek. Ketuwa Panitiya,  Darmadi nyampekaken terima nyang kabeh warga masarakat lan anggota panitiya, hang taun iki uga nganakaken gesah ngenengi masalah gunung watu hang didhodhol sahingga dadi dalan lan ninggali tenger kelawan sebutan Watu Dodol.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor