MATRA Banyuwangi Dilantik

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Minggu, 19 Maret 2023 07:12 WIB)
- Laporan



Dewan Pengurus Daerah (DPD)  Masyarakat Adat Nusantara (MATRA)  Kabupaten Banyuwangi Masa Bakti 2023-2028 dilantik unibengi Jemuah (17/3) manggon ana ring aula Villa Kemarang Desa Tamansuruh Kec. Glagah.
   Sedurunge acara pokok diangkati para dhayoh hang diundang disuguhi jajan has Using kayadene kucur,  awug lan irisan belungking. Akeh tokoh masarakat, seniman, budhayawan uga uwong pangkat hang teka kayadene Wakil Bupati Kang H. Sugirah, Plt.  Kepala Badan Kesatuan Bangsa dan Politik Kabupaten Banyuwangi,  Kang Moch. Lutfi, Plt Camat Glagah Heri lan liya-liyane.
   Semono uga ngenengi masalah penganggo. Maneka macem lan kelir aran penganggo.  Ana hang kaya makili uwong kulonan,  Dayak, Bali, Using lan ana uga hang sing pati jelas jeluntrunge kerana nganggo kreasi kaya penganggone tarian.
   Sak marine nyanyi Indonesia Raya lan Mars MATRA diterusaken kelawan donga ping telu. Ana hang makili donga cara Islam dipimpin H. Jhoni Subagyo,  cara Nasrani dipimpin Thomas Racharto lan cara Hindu dipimpin Pak Made.
   Ana acara hang ngagetaken dhayohe. Sedurunge pelantikan mara-mara ana tampilan hang diarani Opera Van Matra.  Dalange Kang Wowok. Cerita hang digawa ngenengi masalah ontran-ontran Keraton Kedawung.

Kanjeng Pangeran Christian Sabilal Pussung Ciptonegoro (Mas Billy), Ketua DPW MATRA JAWA TIMUR, ngomong kadhung Matra iku salah sijne kendharaan hang dienggo njaga wutuhe NKRI liwat budhaya.  "Anane macem-macem suku,  bahasa,  adat, tradhisi lan seni iku nduduhaken wujude Indonesia.  Mulane Isun lan Rika kudu bisa njaga anane budhaya kanggo njaga bangsa lan negara Indonesia," abane Mas Billy sedhela sakmarine ngelantik DPD Matra Kab. Banyuwangi hang diketuai Teguh. 

Teguh dhewek sampek saiki iki dadi Kades Tamansuruh. Iyane gelem dipilih merga MATRA nduwe tujuan hang apik. Kepengurusane sing mung ring Banyuwangi thok. "Nyatane, Isun lan kanca-kanca pengurus kene mau dilantik ambi pengurus wilayah Jawa Timur.  Artine,  MATRA dudu organisasi lokal.  Hang diurus masalah budaya hang ana ring Indonesia. Saben-saben dhaerah mesthi ana suku dhaerah liya. Kaya contone ring Banyuwangi kene.  Sak liyane Suku Using ya ana Suku Jawa, Medura,  Bugis, Bali, Papua, Dhayak lan liya-liyane.  Mula,  liwat MATRA iki ayo gandheng tangan njaga Indonesia," jare Kang Teguh kelawan semangat hang temenanan

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Kang Ujik

Editor: Hani Z. Noor