Mayo Kuliyah nong STKW Surabaya
Moch. Anil Syidqi (dipublikasikan pada Senin, 05 Juni 2023 06:47 WIB)
- Laporan
Mayo gancangana daptar kuliyah nong STKW Surabaya (Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta Surabaya). Fasilitas lengkap, kuwalitas apik lan murah.
STKW nerima lulusan siswa teka sekabehe jurusan lan angkatan. Malah ana program kanggo guru, birokrasi, jurnalis, Lembaga Swadaya Masyarakat, kelebu seniman. Proses ndaptare gampil lan gelis. Bisa liwat internet utawa digital, aliyas daptar teka umah. Bisa uga teka langsung nyang kampus STKW Surabaya.
Daptar teka umah, carane kudu melebu nyang https://bit.ly/PMBSTKWSURABAYA2023 utawa bisa WA: 0857-2500-0521 /085-655-454-121. Sakwetara, kadhung kepingin ndaptar langsung nyang kampus STKW bisa teka nyang Jalan Perumahan Wisma Mukti, Jl. Klampis Anom II, Klampis Ngasem, Kec. Sukolilo, Surabaya, Jawa Timur Kode Pos 60117.
STKW Surabaya duwe fasilitas seni hang lengkap lan mejaji ambi kebutuhane mahasiswa. Kampuse uga manggon nong tengah kutha Surabaya.
Ring taun ajaran 2022/2023 iki STKW mbukak 4 program jalur melebu, yaiku:
-
Program Reguler: kanggo calon mahasiswa hang buru lulus utawa hang wis lulus suwi ya keneng
-
Program Guru: ditujokaken kanggo Guru hang kepingin njerokaken ilmu lan peraktek seni supaya setatus pegawe hang wis disandhang bisa cemelorot munggah.
-
Program Seniman: ditujokaken kanggo para seniman hang kepingin njerokaken ilmu seni.
-
Program KIP (Kartu Indonesia Pintar).
STKW yaiku Lembaga Pendidikan Seni hang duwe aran apik nong Indonesia Bagiyan Wetan. STKW Surabaya wis nyandhang akreditasi teka BAN-PT (Badan Akreditasi Nasional Perguruan Tinggi) kelawan peringkat Baik Sekali hang dhasare ketulis nong No. SK Akreditasi: 1968/SK/BAN-PT/Ak/PT/XI/2022.
STKW Surabaya duwe turus kerja sama ambi Lembaga Pendidikan Seni lan art gallery, embuh nasional utawa internasional, kayadene: Malaysian Institute of Art (MIA) Malaysia, Sunway University, Kuala Lumpur, Malaysia lan pirangane universitas internasional.
STKW Surabaya uga wis ngelairaken tokoh-tokoh seni hang duwe aran lan perestasi nong tingkat nasional sampek internasional, kayatah: Srimulyani, Abing Santoso lan magih akeh liyane.
STKW Surabaya duwe petang (4) program studi unggulan.
-
Jurusan Seni Tari Terakreditasi B No SK Akreditasi: 2425/SK/BAN-PT/Akred/S/IX/2018,
-
Jurusan Seni Karawitan Terakreditasi B No SK Akreditasi: 1620/SK/BAN-PT/Akred/S/V/2019,
-
Jurusan Seni Rupa Murni Terakreditasi Baik Sekali No SK Akreditasi: 2229/SK/BAN-PT/Akred/S/IV/2021,
-
Jurusan Seni Teater Terakreditasi B No SK Akreditasi: 3156/SK/BAN-PT/Akred/S/XI/2018.
Mula iku, mayo gancangana daptar!
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : -
Editor: Antariksawan Jusuf






