Mayo Milu Napak Tilas Sejarah Belambangan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Jumat, 16 September 2022 09:18 WIB)
- Laporan



Kelendi carane ngenalaken kiprahe tokoh sejarah hang milu perang ngelawan penjajah kelawan cara hang nyenengaken?
    Salah sijine napak tilas panggonan-panggonan hang ngemu sejarah tokoh iku lan ambi narasi teka ahline.
   Komunitas Balambangan Royal Volunteers (Bravo) hang megiyet ring sejarah Belambangan ngejak sapa bain hang gelem kelenceran disambi sinau sejarah dina Minggu 18 September kisuk.
"Tujuwane  kanggo ngubar tokoh Pangeran Agung Wilis minangka Pahlawan Nasional teka Balambangan," jare Mas Aji Ramawidi hang aktip ring komunitas Bravo. Sak liyane iku, napak tilas hang diarani Blamtrip 1 nduwe tujuwan ngangkat potensi wisata sejarah, jare Mas Aji hang taun sore nulis novel biografi dwi-basa Using-Indonesia Wong Agung Wilis.

"Dianakaken ring September, tepak ulane Wong Agung Wilis ndarat teka Bali," jare Mas Aji. Kadhung Blamtrip 1 iki dianggep sukses, liya dina bisa ngenalaken panggonan sejarah hang ana ring kecamatan-kecamatan liya.
   Napak tilas dikawiti teka Kantor Kecamatan Siliragung aju nyang Gunung Dogong diterusaken nyang Petilasan Mbah Pesanggrahan. Sakuwise iku nang Gumuk Pot lan Goa Macan aju dipungkasi ring Pulau Merah.
   Rencanane, rombongan arep mangkat jam 08.00 isuk aju melibeng sampek nggadug Pulau Merah jam 17.00. Merga adohe, saben wong hang milu kudu nggawa sepidhah montor dhewek, uga obat-batan kanggo jaga-jaga awake dhewek lan perlengkapan sembayang.
   Kelawan mbayar picis 60 ewu, saben peserta engko diwani tandha pengenal, kaos, banyu ngombe lan panganan. Wis hing kaetung kaweruh hang disinaoni. Paran maning ana sertipikate.
   Seperene wis ana 15 wong hang ndaptar teka 50 wong hang dadi wates paling akeh kanggo panitiya.
   Karcis semono iku bisa dianggep murah merga ana sokongan liya teka pirangane institusi kelebu Aqua, Times Banyuwangi,
Kafe Oemahmu, Semangat Banyuwangi, Sanggar-Silir.
   Jare Mas Aji, pungkasan napak tilas ana ring Pulau Merah ambi ndeleng serngenge lingsir. Kanggone lare-lare enom, sakliyane ulih kaweruh sejarah, nawi bisa ketemu jodho pisan.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf