Mberejage Teater Pring Kuning
Nur Holipah (dipublikasikan pada Senin, 20 Februari 2023 07:19 WIB)
- Laporan
Wis setaun lakune salah siji kegiyatan ekstrakurikuler ring SMP Negeri 1 Banyuwangi iki. Pring Kuning hang ngadeg sakat 4 Februari 2022, dina Sabtu (18/02) wis sukses nyuguhaken Pentas Tahunan (Pentahu). Manggon ring lantai 3 – Gedung Juang, lalare binaane M. Bakhtiar Kusumahadi lan M. Asrizal Tawaqqal iki manggungaken suguhan kelawan judhul ‘Awal Mula’.
Panggon lungguhan penonton ebek sampek hang paling pucuk ndhuwur. Hang nggarahi mongkog, merga lalare SMP iki wis bisa ngetap lan nata sak-sekabehane dhewek. Telungpuluh lima (35) lare anggota Pring Kuning wis diuweni tugas dhewek-dhewek. Ana hang bagiyan Produksi, bagian ngatur sunar lighting, buri genjot backstage, runner kanggo junjung-junjung property, ana hang nyekel keyboard kanggo nguwani efek backsong, ticketing, konsumsi lan bagiyan keamanan.
Acara hang diadiri langsung ambi Hasan Basri (Ketua Dewan Kesenian Blambangan) iki dipandu MC Kahfinzu (kelas VIII) lan Sakura (kelas VII), dikawiti kelawan nyanyekaken Indonesia Raya lan Mars Spensaba teka tim paduan suwara ‘explodius choir’, aju ana sambutan teka Kepala Sekolah, M. Sodiq, S.Pd.
Pring Kuning, terus nampilaken monolog—swacakap—gampangane: ngomong lan celathu dhewek, kelawan judhul ‘Jangan Terlalu Dalam’. Monolog hang digawakeken Jerusha Rughun Excelsha (kelas IX F) iki nyeritakaken lare hang sing bisa pedhot teka gadget lan tiktok. Gadget wis kaya-kaya dhemenane. Lalare Pring Kuning temenan penter anggone ngetap saben elet acara, ana ice-breakinge temune penonton sing meneng thok.
Hang nomer loro, ana drama ‘Buka Hatimu’ hang nyeritakaken Dirjo dadi tentara taping terus keneng penyakit kanker taker sampek umur ninggalaken emak lan adhine, uga dhemenane hang aran Ratih.
“Sak dawane pentas, sing ana sithik belaka pemain/tokoh katon isin. Kabeh nyuguhaken kaya-kaya iyane iku temenanan. Penghayatan lan penjiwaan nggarahi lali, dak isun iki ndileng lare SMP mentas!” gedigi abane Devi Nawangsari, salah siji penonton teka Srono.
Monolog ‘Kisah Hidup Sarinah’ dadi pungkase panggung. Ghinaa Faadiyah Aliyya Kusnadi (IXB)—hang dadi lakon—luwes temenan ambekana dhewekan.
“Isun sampek merindhing, tepak Sarinah ngikik kaya maklampir...” abane Alip, salah siji penonton teka Adimas Giri, bangete monologe pungkas mbarengi keploke penonton hang kemeriyek.
Kadhung jare Jarvis M (2000), ‘perkembangan kognitif seorang anak bukan hanya tentang memperoleh pengetahuan, anak juga harus mengembangkan atau membangun mentalnya'. Nyatane iku kabeh sing mung ulih teka bangku ring sekolahan. Lalare para lakon wis bisa ngadhepi penonton hang akehe satus lebih. Nurut Jean Piaget, kawitan masa remaja ana transformasi kognitif gedhi nuju cara berpikir lebih abstrak, konseptual, lan berorientasi nyang masa depan (future oriented). Liwat pentas teater iki, lalare anggota Pring Kuning hang antarane ana hang teka kelas VII, VII lan IX mesthi bain ulih pengalaman hang sing bisa disiluraken utawa dioperaken picis. Mbisukane dadi sangu kanggo ‘pentas’ ring urip nyata hang temenan. Merga lalare iki wis biyasah anggone megawe bareng, megawe tim hang kudune ngutamakaken bebarengan, sing iri-irian lan kekompakan.
Sakuwise penonton bubar, sebagiyan tamu undangan teka Teater Melati (SMA Negeri 1 Glagah), Teater Kusuma (SMK Negeri 1 Banyuwangi), lan Teater Tirakat Optimum (SMA Negeri 1 Giri) nutugaken gesah-gesahan ring sesi apresiasi.
Ana unen-unen Ubuntu ring Dialek Afrika kana hang unine: "Jika Anda ingin berjalan lebih cepat, berjalanlah sendirian; jika Anda ingin berjalan lebih jauh, berjalanlah bersama orang lain".
Selamat! Kanggone Pring Kuning mugi-mugi agage gelis gadug tujuwan liyane.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : Werta
Editor: Antariksawan Jusuf






