Megiyet Nyepakaken Banyuwangi Ethno Carnival

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 24 November 2022 08:46 WIB)
- Laporan



Banyuwangi Ethno Carnival (BEC) 2022  diramekaken ring ulan ngarep 10 Desember. Taun iki minangka hang kaping 10, mathek tema Tamansarine Nusantara.

   "Banyuwangi iki Indonesia cilik. Emeh kabeh ethnik ana ring kene. Mulane  peserta hang akehe 75 iku dibagi-bagi kelawan wates Ethnik Using, Mandar, Jawa, Medura, Bali, Arab lan China. Saben-saben sendhi uwis padha cepak-cepak. Musik kolaborasi has BEC uwis digarap, desain uwis  padha disulam, koreo peserta uwis dirancang lan dilatihaken, musik tari opening uga uwis mangkat latihan," abane Kabid Promosi, Ainurrofiq nalika ditakoni belambangan. com sabene.
   Kabid Kebudayaan Dewa Alit uga uwis nyambangi latihan musik tari opening ceremony BEC hang dipercayakaken ning Sanggar Umah Seni Kuwung Wetan Kec. Srono pimpinan Agus Dwi Cahyo.
   "Dulur-dulur iku mula pantes dielungi jempol. Nggarap musik ambi mbayangaken ubah rancake jogedan hang digarap. Tambah-tambah panjake lare enom-noman. Konsepe ana ning uteke dhewek-dhewek. Siji lan sijine padha weruh ambi karepe hang ngelatih," jare pejabat hang uwis duwe pengalaman jeru masalah administrasi pemerintahan iku.   
   Kajone maning, hang ngelatih yaiku Dwi, sing kathik ndeleh kertas wera hang isine cathetan partitur.
   "Iki magih 20 persen Kang. Isun nggarap iki ya kudu ambi ngerancang tariane. Engko hang nari Sun juwut teka sanggar-sanggar liyane, Kang. Ana telu sampek papat sanggar tari hang sun ajak nggarap penarine. Ya bagi-bagi rejekilah, Kang. Muga kabeh melaku lancar lan cocog mbi hang dikarepken uwong akeh," abane Dwi mungkasi gesah.
   Sawetara iku Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata (Disbudpar) Kab.Banyuwangi, M.Y.Bramuda, nduweni pengangen-angen hang dhuwur ngenengi masalah kegiyatan kepariwisataan Banyuwangi.
   "Paran hang diacarakaken ring Banyuwangi kudu duweni tekad hang mesisanan. Merga bandhane sing sithik, tenaga hang metu ya sing tanggung-tanggung. Mula kabeh unsur usaha penguripan kudu ulih asil hang gedhi. Home stay payu, hotel kentekan kamar, kuliner laris manis lan destinasi uga akeh hang nekani," jare  Kadisbudpar hang uwis keliling Nusantara dadi narasumber ngenengi masalah prospek kepariwisataan.

   Kanggo ngeramekaken penampilan peserta unibengi dianakaken syuting barongsay ring Gesibu Belambangan. Sedheng panggonane panggung start direncanakaken digawe ring ngarepe Kantor Pos Indonesia. Peserta aju bisa fashion ring ngisore terowongan jajang ngarepe Gesibu Belambangan.

(Kang Ujik)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf