Megiyete Emak-Emak Mancat Sepidhah

Nani Asiany Mustikowati (dipublikasikan pada Senin, 07 November 2022 11:54 WIB)
- Laporan



 Isuk-isuk nong latare Mesjid KH Ahmad Dahlan kang ana ring dalan Adi Sucipto Banyuwangi, biyasahe ditata kursi kanggo jamaah emak- emak kang ngerungokaken Pengajian Ahad Pagi (PAP). Taping ring dina Ahad sore iku hing ana tataan kursi. Kang ana malah panggung lan pirang- pirangane sepidhah gunung kang siyap berangkat lan ditunggangi. Mula dina iku sing ana pengajian taping acarane diganti gowes utawa mancat sepidhah kanggo ngeramekaken mapag gebyare Muktamar Muhammadiyah 48 kang arep dianakaken tanggal 19 Nopember 2022 nong Solo. Iwuh mancat sepidhah iki sing mung dianakaken ring Kecamatan Banyuwangi thok, taping bareng- bareng kecamatan- kecamatan liyane sak Banyuwangi kang uga nganakaken acara iki. Kaya Pimpinan Cabang Muhammadiyah Kabat acara gowese gabung ambi RSI Fatimah. Sakdurunge diberangkataken ambi Pak Mukhlis L ketua PD Muhammadiyah Kabupaten Banyuwangi, ana kang super repot ning terase masjid yaiku emak- emak Aisyiyah (PCA Banyuwangi). Megiyet ngeladeni peserta gowes kang durung kelebonan panganan lan ombenan. 

Emak-emak kang diketuai Bu Mulyati Chumaidi lan dibantu emak-emak Aisyiyah teka ranting- ranting sak kecamatan Banyuwangi iku nganakaken bazar kanggo ngeramekaken acara gowes dina iku. Arane bain bazar kadine panganan lan ombenan kang diedol regane ya sing nguras isine dhompet. Nana wih, emak- emak kang nyedhiyakaken panganan lan ombenan wis dikerubung sakdurunge peserta gowes mangkat. Jajan kang sekirane keneng dienggo ngganjel weteng sakkal entek puput, garus.  

Peserta gowes kang diberangkataken teka latar Masjid KH Ahmad Dahlan padha katon rumang merga sakliyane mula dhemen gowes (wis ajeg gowesan), peserta sing kathik ditarik bandha alias gratis, lan kadhung rejeki mulihe bisa nggawa hadhiyah. Paran maning peserta kang teka pelajar. Kaya ditata, lare-lare iku ngumpul, gesah, lan geredhoan. Temakaken, peserta gowes isuk iku sing mung bapak-bapak lan pelajar thok taping uga dipiloni emak-emak kang wis mula duwe grup gowes. Emak-emak iku padha nganggo seragam mulai teka penganggo sikil sampek endhas, kelire abang lan apik seru. Taping ya ana pisan kang sing seragam sak kumpulan, kaya emak-emak kang ngancani lakine mancat milu gowes.

Emak-emak kang nunggoni bazar lan nganteni mulihe peserta gowes padha gesah lan guyon nalika peserta gowes wis berangkat. Padha nganteni merga pinis gowes balik maning ring masjid KH Dahlan. Dadi dalan kang diliwati gowes mulai dalan Adi Sucipto ngalor dalan A. Yani, meleguk ngiwa ring dalan JA Suprapto, terus meleguk ngiwa maning nong dalan Brawijaya. Ahire balik nong latare masjid KH Dahlan maning. Serta peserta balik ning latare masjid, emak-emak kang nunggoni bazar mulai megiyet maning. Saiki kang garus panganan kang nganggo lonthong lan ombenan. Ombenan adhem dadi pilihan peserta kang ngelak. Dadi pengumuman ulih hadhiyah dilotere, sebagian ana hang mangan-mangan lan ngombe ring bazare emak- emak Aisyiyah.

Girange emak-emak sing kalah ambi peserta. Nalika diumumaken hadhiyah-hadhiyah kanggo peserta gowes, emak-emak milu nguweni semangat paran maning panganan kang diedol wis entek. Pokoke peserta, penonton, panitiya girang kabeh. Kang ulih ya wis karuwan girange, kang sing ulih hadhiyah uga girang kerana gowes nyehataken awak. Hadhiyah tipi rejekine Bu Hasnah Singotrunan, kulkas keneng Pak Hawi Baluk, sepidhah gunung rejekine lare pelajar SMP Muhammadiyah. Magih ana maning hadhiyah liyane. Masiya ulih tindhesan utawa kipas angin, peserta kang ulih ya girang kabeh.

 Acara gowes dina Ahad tanggal 6 Nopember 2022 lancar, kang megiyet bazar seneng merga bathine keneng dinggo nambahi kas Aisyiyah, peserta seneng pisan lan kang seneng maning peserta kang mulih nggawa hadhiyah

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor