Melabot ring "Sepekan di Desa Cantik Tamansuruh"

HENI KURNIAWATI (dipublikasikan pada Kamis, 27 Juli 2023 07:43 WIB)
- Laporan



Kawit tanggal nembelas sampek telulikur ulan Juli iki desa Tamansuruh duwe gawen mari-mari gedhi. Mergane ketundhik teka kabupaten dadi tuan rumah Banyuwangi Festival (B-Fest) kanggo nampilaken werna macem kelire kebudayaan kang ana ring desa Tamansuruh. Lagotane bengen taun 2021 desa Tamansuruh ketiban ndaru ulih rejeki penghargaan teka Badan Pusat Statistik (BPS) dadi Desa Cinta Statistik (Desa Cantik). Desa Tamansuruh melebu 10 besar Terbaik Nasional 2021 BPS. Raina bengi suwene wolung dina iku ana ramen-ramen ring kana.

“Ramen-ramen iku dipisah nong limang panggonan. Ring Kembang Galengan, Pelataran Tamansuruh, Jogging Track utawa Waroeng Kemarang utawa Omprok Gandrung, Bale desa Tamansuruh, lan padusan Sumber Waras”, jare Abdul Rohman minangka Wakil Ketua Panitia "Sepekan di Desa Cantik Tamansuruh".

Korwilkersatdik Pendidikan Kecamatan Glagah ulih ulem-ulem teka Pak Lurah Tamansuruh. Dijaluki tulung ngersaya kelawan nggiring anak buahe milu ngeramekaken iwuhe. Petang Sekolahan Dasar (SD) kang ana ring desa Tamansuruh dijaluki urun muride milu ngeramekaken pisan. Kang ring sekolahane ana ekstrakurikuler Mencak Sumping mesthi bisa ngirim muride. Mula idham-idhamane Pak Lurah gok kabeh sekolahan ring kecamatan Glagah ana ekstrakurikuler Mencak Sumping.

Seliyane iku magih akeh tampilan kang disuguhaken lalare SD. Merga sekolahan papanisun mulang parek nyang panggonane ramen-ramen, mulane kabeh murid sun urak merana. Kang bisa tampil lan sing bisa kabeh oleh milu makene rame. Gara ana lare wolu muridisun diejak nabuh tabuhan. Lagotane SDN 1 Tamansuruh tau kepanggonan bedah buku “Kembali ke Desa” tulisane Pak Wowok kang duwe Waroeng Kemarang, lan iyane lulusan ring kono pisan mulane diumani sak set tabuhan. Aju sekolahan nganakaken ekstrakurikuler Seni Musik. Ngundang pelatih musik wong Tamansuruh kono bain. Yaiku lalare aju bisa nabuh tabuhan.

Dimas kelas lima tukang nabuh kendhange. Mula pawakane rada mepeg, ewer, lan sing pati kuwat elom. Tengah-tengahe manjak umet pelakon sega ring jejerane Bazar UMKM. “Bu, tuku sega sulung. Tuku rong pincuk Bu, murah sepincuk mung limangewuan. Bu, selak kepetengen, dipadhangi sulung”. Ketang lare, sak kelar-kelare. Cumpu kancane pating semembur  milu-milu marung. Sing serantan nganteni opah madhang. Kirane mentala guru nyawang muride mbayar dhewek-dhewek. Emane nemu picis keselempit ring sela-selane buku cathetan, kanggo nyiluri picis segane lalare. Nagud rawis, aturane Dimas iki.

Kang pungkasan dina Ahad ana fashion show modern lan upacara penutupan ring Omprok Gandrung Waroeng Kemarang. Sakat sore ambi mau guru-guru SD ambi muride umet nyepak-nyepakaken penampilane. Sing luput walimurid diabragi milu cawe-cawe. Fashion show modern iku kelendi? Mayo engko isuk melaku nyang desa Tamansuruh makene weruh padhange hawa. Bareng-bareng jak akehan nonton rekane lalare SD sakdesa Tamansuruh tampil mameraken penganggone. Sakbubare nawi sir melaku-melaku, ngulon sithik Agro Wisata Tamansuruh (AWT). Nawi kepingin ngadhemaken bunbunan, kungkum ring Kali kothak, Sumber Waras, keli-kelian ring Japuro.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : HENI KURNIAWATI

Editor: Hani Z. Noor