Memengan Ring Sendang Seruni
Muhamad Novi Yusuf (dipublikasikan pada Rabu, 01 Juni 2022 07:48 WIB)
- Laporan
Isun weruh aran Wisata Sendang Seruni iku tepak magih milu kegiyatan ring kampusisun hang aran Pengabdian Masyarakat. Aran iku wis mula dijumbulaken ambi salah siji kancanisun hang wektu iku dadi ketuwa panitiyane. Isun mung dadi bagiyan perlengkapan bain tapi magih bisa sun sukuri kerana kenangane uga manpaate akeh. Hing kerasa kegiyatan ring Pengabdian Masyarakat iku wis mari, dadi ya sakat iku pisan isun hing weruh kabare wisata Sendang Seruni iku. Sak engetisun bengen magih tahap pembangunan kira-kira taun 2019. Isun ya hing kober ngintep dadiya mung sak kelerepan utawa tah weruh teka cerita ring antarane gesahe wong-wong kana.
Weruh-weruh, gok wis dadi uga rame hang kelenceran merana. Isun hing ana kesempatan arep niyat kelenceran merana nawi merga akehe kegiyatanisun. Serta ngintep HP, ana salah siji kancanisun hang kepingin weruh aran Wisata Sendang Seruni. Kala ngajaki iku kuwasane Allah tepak bareng ambi dinanisun KKN. Hun pikir pikir nawi hing bisa, temekaken kanca-kanca KKNisun padha kepingin merana pisan. Ahire hing kathik mikir dawa isun gelem diajak kanca-kancanisun iku mauka. Ring pikiran, mung nguntup rasa penasaran wujude kaya paran endane wisata Sendang Seruni iku.
Dalan hang sun liwati yaiku dalan dhung teka Banyuwangi Kota. Isun liwat dalan arah Desa Glagah Kecamatan Glagah. Dalan iku hun tututi terus sampek gadug Pasar Licin ana pertelon, isun biluk nengen nerusaken sampek melebu Desa Tamansari Kecamatan Licin. Ring kana ana dalan leter S. Isun ambi kanca-kanca liwat dalan hang sing aspalan. Alhamdulillah serta wis nututi dalan sampek nggadug papan hang ana tulisan wisata Sendang Seruni. Serta gadug isun ambi lalare diadhepaken dalan melebu hang medeni yaiku ngeliwati dalan cilik hang mung bisa diliwati ambi sepidhah montor. Minimal salipan iku bain ngepres nyang dalane. Dalane nong pinggir jurang hang sing ana adhang-adhangane hang nggarai ekstrim. Dhung parkirane montor lebih enak yaiku dipanggonaken nyang sedurunge gapura melebu. Dalan hang sing kariya adoh iku nggawa nyang parkiran sepidhah montor hang langsung gandheng nong panggon tuku karcis melebu.
Waktu iku regane karcise magih limangewu rupiah sak uwong. Mari digu magih melaku mudhun nong perengan hang nggarai rada njarem nong kempol. Taping dhung wis nyawang area wisata aduse mesthine bakal kerasa adhem hawane hang mara nong awak. Kolam renange mung ana loro, kanggo anak-anak ambi kanggo remaja sampek dewasa. Naming hang nggarai sing enak nong dhasar kolame magih seru akeh endhute. Dadi dhung mari ana hang ceburan utawa akeh hang adus, tulihane banyune getuh. Ring kana hang nggarai isun ambi lalare adus kudu nganteni banyune kening sulung utawa nganteni sepine uwong hang adus. Paran maning kolam husus remaja lan dewasa posisine miring dhasar kolame. Kolam iku lonjong ngetan-ngulon. Posisi dhasar kolam hang wetan lebih jeru ketimbang hang kulon. Banyune seger ambi ring sak ubengane akeh wit-witan dhuwur uga kebek barongan jajang hang padha galapan dhuwure. Panggonan ngempos, sembayang, cedhing, uga belanja panganan ya ana.
Hang nggarai lucu sedurunge bisa kelenceran merana, isun ambi lalare kanca KKN hing weruh dhung panggon wisata iku nepaki perei. Ahire kerana wis kadhung gadug ring kana, isun ambi lalare maksa melebu nyang wisata iku. Kahanane hang sintru naming ayem nggawe isun lan kanca-kanca bisa memengan masiya tah hing adus kerana kolame diasati sampek setengahe.
Cumplenge wisata iku nggarai isun uga lalare kemisinen nyang uwong hang njaga nong kana. Masiya gedigu, isun lan lalare tetep girang memengan kartu ring bale hang ana ring wisata iku. muga bain isun bisa merana maning kelawan kahanan wisata hang wis dianyari maning teka sarana lan prasaranane.
Pungkasane liya dina, isun diajak ambi kanca kanca kuliyah liyane kelenceran merana lan temakaken tepak bukak. Alhamdulillah ring ati iki, bisa adus ning kana uga bisa guyonan bareng sampek soren buru laut. Isun hang wong adoh ngerasa dhemen lan puwas nyang Wisata Sendang Seruni. Paran maning hang parek wisata iku. muga bisa terus alami suguhan wisatane lan terus tambah jaya selawase.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : pribadi
Editor: Antariksawan Jusuf






