Mengeti Dina Dadine Sanggar Tari Sayu Wiwit Sempu
PRASTONO SANTOSO, S,Sn, S.Pd (dipublikasikan pada Selasa, 17 Januari 2023 07:36 WIB)
- Laporan
Minggu tanggal 14 Januari 2023, manggon ana ring pelatarane Kantor Kepala Desa Tegalarum kecamatan Sempu kabupaten Banyuwangi, Sanggar Tari Sayu Wiwit nganakaken acara kanggo mengeti dina dadine kang kaping 22. Tema kang dianggit ring acara Iki yaiku "Menari untuk berekspresi, greget ngadek tuwuh saget".
Sanggar Tari Sayu Wiwit yaiku sanggar tari kang nduweni alamat ana ring dusun Tegalyasan desa Tegalarum kecamatan Sempu dipimpin ring Mbok Martini, S.Pd kang sabendinane dadi Kepala Sekolah SDN 1 Tegalarum. Sanggar tari Sayu Wiwit sakliyane nguweni pelatihan nyang lare-lare sekolah antarane lare SD, SMP, SMA/SMK uga ana lare-lare mahasiswa, uga nerima tugas kanggo acara-acara penting lan lomba-lomba. Anggotane Sanggar tari iki akeh, kadhung diitung ana kira-kira satus rongpuluh lare, mulai teka penari uga panjak lan pelatih.
Acara dina iku dikawiti ambi gendhing-gendhing kang ditembangaken ambi sindhen kang aran Jora, diiringi ambi panjak lare enom-enoman kang dadi anggotane pengrawit Sanggar Tari Sayu Wiwit. Sakteruse dilanjutaken ambi wewarah teka Mbok Martini kanggo mbukak acara Mengeti Dina Ngadeke Sanggar Tari Sayu Wiwit.
Mbok Martini warah kadhung acara iki acara mengeti dina ngadeke Sanggar Tari Sayu Wiwit kang kaping 22, uga ana acara Uji Kpmpetensi munggah tingkat kanggo lare-lare kang sinau ring kono. Mbok Martini uga warah kadhung Sanggar Tarine wis akeh prestasine. Mulane iku iyane saiki nagih janji nyang Kades Tegalarum, kadhung bengen jare Sanggar Tari Sayu Wiwit arep diuweni bantuan picis kanggo tuku peralatan Sanggar Tari.
Ring acara iki kades Tegalarum, Bapak Turmudi, uga kebagian wektu kanggo nguweni omongan nyang penonton lan wong tuweke lare-lare anggota Sanggar Sayu Wiwit. Kades Tegalarum rumangsa mongkog atine merga ring desa Tegalarum ana Sanggar Tari kang wis akeh prestasine lan nggawa aran apik kanggo desa Tegalarum. Iyane uga nyampekakaken kadhung janji bantuan wis diusahaken nyang Pemerintah Kabupaten. Iyane mathekaken kadhung taun iki bisa cair.
Tarian Jejer Jaran Dhawuk kang disuguhaken kaya pertunjukkan meras gandrung, dadi magnet acara ring dina iku. Kabeh penonton padha kaju ndeleng pertunjukane. Weleg kang wis disiyapaken nguweni rasa tenget lan uga agunge pertunjukan tari Jejer Jaran Dhawuk iku. Paran maning penarine padha penter anggone ngolah wiraga, wirama lan wirasane.
Sakteruse acara kang dadi punjere acara yaiku uji keprigelan munggah tingkat utawa uji kompetensi munggah tingkat kanggo lare-lare anggota Sanggar Tari Sayu Wiwit.
Ring Uji keprigelan munggah tingkat utawa uji kompetensi iki dibagi petang kelompok, yaiku kelompok C kanggo lare lare SMP/SMA, kelompok B kanggo lare lare SD kelas 4,5, 6 lan kelompok A kanggo lare lare TK lan SD kelas 1,2, lan 3.
Ana petang kelompok kang arep diuji keprigelane. Siji-siji kelompok kang akehe lebih teka 20 penari, njugetaken tari Jejer Gandrung Kembang Menur. Saben kelompok dinilai ambi dewan juri kang akehe papat. Juri iki kang nemtokaken lare-lare munggah tingkat tah sing.
Nong bungase acara, Juri ngumumaken asile penjurian, antarane penari kang munggah tingkat lan penari kang narine apik. Dipilih limang penari kang nduweni keprigelan kang luwih unggul teka kanca-kancane.
Acara dina ngadeke Sanggar Tari Sayu Wiwit ring dina iku ditutup ambi penampilan tari Rodat Si'iran kang digawakaken ambi lare-lare Sanggar Tari Sayu Wiwit kang senior.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : wawancara
Editor: Hani Z. Noor






