Mengeti Rong Taun Ngadege Pesinauan
Eko Budi Setianto (dipublikasikan pada Senin, 23 Januari 2023 10:53 WIB)
- Laporan
Sithik-sithik, tapi terus umik, sampek dadi apik. Gedigu kira-kira ukara hang bisa nggambaraken ngenani Sekolah Adat Osing 'Pesinauan' hang panggonane ana ring tepis wiring antarane Desa Kemiren lan Desa Olehsari, Kecamatan Glagah iki.
Miturut cerita, kawitane Sekolah Adat 'Pesinauan' iku mung merupa panggonane lare nom-noman gesah lan megiyet seni budhaya tradhisional Using.
Hing mung lare nom-noman Kemiren hang dhemen njanggol ambi gesah nung kono, tapi uga teka endi bain sak ubenge Banyuwangi.
Malahan tau ana rencana ning panggonan sekolah adat iku arep dibangun 'pentas terbuka' hang keneng dienggo nggelar kesenian paran bain. Panggonan hang bengen diarani 'Sawah Art Space' iku saiki wis disulap dadi Sekolah Adat Osing 'Pesinauan', hang muride wis mangkat akeh. Dina Minggu (22/1) sore, Sekolah Adat Pesinauan iku umure wis genep rong tahun.
Sekolah adat hang diadegaken lan didhepani ambi seniman asli Kemiren, Samsul Selamet Diharjo iku saikine wis dipayoni ambi organisasi Aliansi Masyarakat Adat Nusantara (AMAN) Osing Banyuwangi, hang dipimpin Mbok Wiwik Indiarti, SS.
“Sekolah adat kaya iki penting kanggo nguri-uri adat lan budhaya, nyang generasi nom-noman. Kadhung hing diwurukaken liwat sekolah kaya iki, pungkasane aju ilang. Yara eman-eman,” ujare Mbok Wiwin.
Kaya hang dijelasaken ambi Samsul Slamet Diharjo, hang aran sekolah adat hang diwurukaken ya ngenani weluri adat lan seni-budhaya masarakat Using.
"Sekolah adat iki melebune mung seminggu pindho. Minggu ambi Selasa. Hang milu cawe-cawe dadi guru nong kene, ana Mbok Gandis, Mbok Fella, Kang Rosid, Man Jaka, lan Jorgy. Isine ya seni ika wis. Dadi tepak ana acara mengeti rong tahun ngadege Pesinauan iki mau, isine ya mung lalare murid dhewek hang njuged, ya hang nabuh. Pokoke cukup wis," jare Samsul.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.
Sumber : liputan
Editor: Antariksawan Jusuf






