MenPAN-RB Milu Mongkog ring Ikawangi Cycling Nusantara 2

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Senin, 17 Juli 2023 08:19 WIB)
- Laporan



Wong-wong diaspora Banyuwangi hang manggon ring tanah boroan nong endi bain hing mung kudu guyub, taping uga kudu ngewani kontribusi nong panggonane hang anyar.
"Aja sampek wong Banyuwangi nggawe repote wong lokal, malah kudune milu mbantu," jare Menteri PAN-RB, Abdullah Azwar Anas, tepak mberangkataken rombongan sepidhah Ikawangi Cycling Nusantara 2 (ICN2). Pak Anas ngomong gok iyane milu mongkog ring ICN2 iki. ICN2 dianakaken sore ring perumahan Suvarna Sutera, Cikupa Kabupaten Tangerang dina Minggu 16 Juli sore. Umpamane ring iwuh iki, aja sampek ninggalaken romot lan dheket, jare Pak Anas hang tau dadi bupati Banyuwangi rong periodhe.
   Magih enget Ikawangi Cycling Nusantara (ICN)? Iwuhe Ikawangi Pusat hang kepisan bengen digelar ring Banyuwangi, diangkati teka bandara Blimbingsari lan jujugan pungkase ring Pendhapa Sabha Swagata. ICN hang kawitan iku malah melebu ring kalender Banyuwangi Festival 2022 lan kelaksan tanggal 19 Maret.
    Ikawangi Pusat iku kumpulane wong diaspora Banyuwangi paling tuwek, ngadeg tanggal 16 September 1972. Penguruse bengen antarane Pak Sutarjianto, Pak Hafandi Noer, Pak Abdul Hamid isuk iku ya teka nyekseni iwuh ICN2.
   Ikawangi Pusat mayungi wong-wong hang ana ring Jakarta, Bogor, Depok, Tangerang, Tangerang Selatan, Bekasi, Karawang, Purwakarta, Subang, Cikampek. Milu ngeramekaken sore iku ana ketua Ikawangi dhongkol Kang Bambang Sugiyono lan wakile Kang Sugihadi. Uga Ketua Korwil Jakarta Pusat Agus Hendro, Ketua Jakarta Timur Sugiman, Ketua Korwil Bogor Danar Komari, Ketua Korwil Bekasi Kurnia, Ketua Korwil Tangerang Selatan Titin Iriani, lan Ketua Korwil Kapursuci Hadi Supriyono.
   ICN2 hang melibeng rute sakdawane 15 kilometer dipiloni 645 wong. Iki bain wis mecahaken rekor wong mancat sepidhah paling akeh ring dhaerah kono.
   Ketua Ikawangi Pusat Mayjend (Purn) Rusdi Maksum ring pidhatone ngarepaken kegiyatan mancat sepidhah bisa kelaksan ring taun-taun mengarepe. "Ikawangi tambah jaya lan wong mancat sepidhahe saya akeh. Merga wong mancat iki nggarahi seger nong awak."
   Engkapan ICN dianakaken ring Banyuwangi maning? Ketua Gowes Ikawangi Kang Sujiono magih durung bisa masthekaken. Taping paling cepet, bisane 2025, merga 2024 taun politik, timbang nggawe kisruh, jare Kang Suji.



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Sumber : Poto: Kang Ipoh

Editor: Antariksawan Jusuf