Metani Lontar Juwarsah
Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Sabtu, 27 Mei 2023 09:33 WIB)
- Laporan
Lontar lan naskah kuna hang ditemokaken ring pirang-pirang panggonan ring nusantara rata-rata ngemu ajaran lan pituduh kanggo masarakat nemokaken dalan uripe.
Setemene butuhe menungsa iku padha, njangkepi butuhe raga, pikiran lan ati, jare Kiyai M. Jadul Maula, pengasuh pondhok pesantren Kaliopak Bantul, Yogyakarta.
"Dadi tepak wong Jawa, wong Sumatera maca Lontar Juwarsah iki ngerasa...Oh iki ceritanisun, iki ngomongaken Isun, iki Isun," jare Kiyai Jadul tepak mbahas buku Lontar Juwarsah hang ditransliterasi lan dialihbasa ring dhosen Uniba mbok Wiwin Indiarti lan lakine Anasrullah.
Banyuwangi kelebu wilayah hang akeh nyimpen naskah-naskah lontar sakat bengen. Malah ditengeri ambi wong Landa P.J. Zoetmulder ring buku Kalangwan gok lontar has Banyuwangi nyeritakaken uripe wong biyasah, dudu cerita keraton.
Naming masiya Juwarsah cerita bab rebutan keraton, bandha lan wong wadon, naskah iku uga nggawa cerita roman hang bisa dadi ceritane sapa bain.
Juwarsah setemene iku pituduh wong-wong jaman bengen kanggo nuntun masarakat nduduhi dalan kanggo ngelakoni urip supaya kebutuhan menungsa bisa ayem uripe. "Para wali mbangun bhineka tunggal ika, dudu liwat pidhato, dudu nganggo tentara, taping liwat kisah-kisah. Aju dibangun narasi hang nggabungaken mahabarata, persia lan cerita lokal," jare Kiyai Jadul.
Sore iku pisan ring Aula Perpusda ngarepe setadhiyon ana Mbah Imik hang nduwe siji ring antarane loro lontar Juwarsah. Mbah Imik wong Cungking iki ya nyalin lontar Juwarsah. Manuskrip sijine duwene Man Sarino, pegiyat Macaan Pacul Gowang teka Rejopuro (Jopuro, parek seladhahan). Wong loro iku sore ya maca lontare.
Dikira-kira Juwarsah Banyuwangi ditulis taun 1800an ring penulis anonim hang isin nulis arane. Biyasahe lontar iki diwaca kanggo selametan mitoni utawa selametan kebon.
Juwarsah Banyuwangi iki ya apik, jare mbok Wiwin. Hang duwene Mbah Imik iku Jawa lan ane Man Inok kelebu Banyuwangi merga carane ngawitine beda.
Hang Jawa dikawiti: Ingsun amiwiti amuji... Dene gang persi Banyuwangi: Wong iki milu kumawi (kaya hang wis anjrah ring lontar-lontar umume ring Banyuwangi).
Sakliyane iku, lontar Juwarsah Banyuwangi iki salinane tau digawa wong Landa ahli basa Herman van der Tuuk hang ngongkon wong Bali nggambar ilustrasine. Ana wolung ilustrasi hang digawe hang saiki disimpen ring perpustakaan Universitas Leiden.
Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.







