MGMP Nularaken Revitalisasi Basa Using nyang Guru SMP

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 10 Agustus 2023 08:13 WIB)
- Laporan



Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Bahasa Using nganakaken kegiyatan revitalisasi Basa Using kanggo 77 guru basa Jawa ambi basa Indonesia teka 13 kecamatan.
   Kegiyatane digelar ning rong panggonan. Kanggo wilayah Banyuwangi sepengalor manggon ana ring sanggar lukis Pelataran Tamansuruh, Glagah dina Senin tanggal 7 Agustus. Dene kanggo hang dhaerah kidul dianakaken ring Omyah Using Daepung Watukebo Blimbingsari, Selasa 8 Agustus.
   Hang dadi pematerine teka kegiyatan iku salah sijine teka asile workshop hang dianakaken ambi Balai Bahasa Jawa Timur tanggal 10-15 Juli 2023 ring UNIBA sabene. Peserta lan pemateri pisan diedum dadi petang wilayah imbasan. Wilayah 1 husus Banyuwangi kota. Wilayah 2 kanggo Kecamatan Giri, Kalipuro, Glagah, Ambi Licin. Wilayah 3 kanggo kecamatan Blimbingsari, Kabat, Rogojampi, lan Songgon. Wilayah 4 ana kecamatan Srono, Singojuruh, Cluring, uga Sempu. Kabehe 58 sekolah negeri lan swasta hang milu ring kegiyatan iku. Tujuwan teka kegiyatan Revitalisasi Basa Using Iki yaiku kelendi nyerambahaken maning Basa Using kanggo murid teka pembelajaran eksternal ambi internal ring saben mata pelajaran. Pengurus MGMP hang magih anyar iki ya teka maneka mata pelajaran, hang nduwe rasa milu njenggirataken welas ring basa Using.
   Kasie SMP Didik Eko Wahyudi, S.Pd tepak pembukaan ring Sanggar Lukis Pelataran Ilyasin Tamansuruh nyampekaken, "Sekolah iku lawang hang utama kanggo merujukaken basa ibu (emak). Kerana bahasa ibu ring Banyuwangi yaiku Basa Using, kadine kelendi siswa-siswi bisa weruh, kenal, lan paham Banyuwangi teka sekabehane aspek alam, geopark, adat, budaya, lan sejarah uga maceme seni hang guyub ring njerone harmoni kebhinekaan global!" ucape ambi nduduhaken rasa kesuwun nyang MKKS Negeri lan Swasta hang milu mberejag nguri-uri.
   Kabeh pemateri teka maneka mata pelajaran nyampekaken 7 materi hang sakmestine hing kari sara temonane ring saben dinane, yaiku ana ndongeng, pidhato, puisi, nembang, ngewer, nulis cerita cendhek, maca-tulis Using
nganggo pola merdeka belajar.
   Yeti Chotimah M.Pd hang dadi ketua MGMP Bahasa Using ngarep-arep kegiyatan revitalisasi Iki bisa dadi panggonan silaturahmi ambi madhakaken persepsi kadhung basa Using mula pantes digandrungi lan diuri-uri.
   "Akehe guru bahasa Jawa, Indonesia, ambi basa Inggris bisa dadi promotor kanggo pelestarian Basa Using ring sekolahan!" jare pengajar IPA lan Seni Budaya hang dadi guru penggerak lan melebu pisan ring pengurus Dewan Kesenian Blambangan.
   Noring kegiyatan iku, Slamet Hariyadi aliyas Penyet hang mula salah siji maestro Fasda Kabupaten kanggo praktek ndongeng. Pemateri Widyaningsih, S.Pd pemateri ngewer.
   Hang nguwataken sekabehane, Drs. H. Alfian, M.Pd Kabid SMP Dinas Pendidikan Kabupaten Banyuwangi. Ring sambutane ring Resto Daipung Watukebo, ngajak jenggirat nganggo propil pelajar Pancasila ambi momotan budaya lan pelestarian basa Using. "Kadine wis akeh budaya utawa basa hang mati kadhung donya pendidikan hing ngawiti welas nyang njerone proses pelestarian Basa Using utamane hang ngomong. Mayo pisan nandangi basa Using nganggo media sosial hang dimotori ambi MGMP Bahasa Using bisa teka You Tube, Twitter, Instagram, Facebook Utawa medsos liyane. Saben uwong hang urip ring Banyuwangi nduwe kewajiban kanggo nguri-uri seni budaya lan basa Using makene merujukaken rasa nasionalisme lan gatine nong Banyuwangi!"
   Magih jare Alfian hang lair ring Sumenep, "Kadhung sekolah internasional nganggo cara basa njaban. Kelendi sekolah ring Banyuwangi hing cukup nganggo cara bahasa Indonesia taping bisa diselempitaken cara wujud bahasa dhaerah kaya dene Medura utawa Jawa uga Using!"
   Pak Alfian uga nyampekaken gok kebijakan politik pemimpin Banyuwangi hang nemtokaken pelayune pelestarian lan mujudaken kearifan lokal ring era global. (Aguk/JN)

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Hani Z. Noor