Minakjingga Milu Arak-Arakan ring Balikpapan

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Selasa, 21 Februari 2023 06:57 WIB)
- Laporan



Sakliyane dhemen nggelar acara kesenian kanggo anggotane, Ikatan Keluarga Banyuwangi (Ikawangi) gancang melakune kanggo milu majoaken dhaerah hang saiki dadi umahe.
   Tuladhane kaya wong-wong Ikawangi hang ana ring Balikpapan Kalimantan Timur iki dina Minggu (19/2) sore milu arak-arakan sakperlu kanggo mengeti dina dadine kutha Balikpapan hang kaping 126.
   Jare Ketua Harian Ikawangi Balikpapan Kang Budi Sakti Purnomo ana 30 wong Ikawangi hang milu arak-arakan ring antarane pawai hang dipiloni 1.700 wong. Merga kesuwur dadi kutha sugih hang ngasilaken lenga lan gas, Balikpapan kaya gula hang dikerubuti semut sak nusantara.
   Sakliyane Ikawangi, ana 54 paguyuban dhaerah liyane hang milu ring pawai iki. Arak-arakane mangkat teka ngarepe Gedung BRI Cabang Balikpapan Jl.Sudirman lan mandheg ring Taman Bekapai Jl. Sudirman.
   Ikawangi hang ngadeg ring Balikpapan sakat taun 1985, mesthi ajeg miloni pawai iki saben taun. Pawai sedurunge yaiku taun 2019 njuwut tema Asal-Usul Banyuwangi.
   "Taun iki kene nggawa tema Raja Sakti Belambangan. Ana Minakjingga lengkap ambi rabine keloron yaiku Waita lan Puyengan. Uga ana tari Cundhuk Menur, Gandrung, Kebo-Keboan, Jaranan Buta, Komedi lare sekolah uga Gamelan teka Sanggar Seni Sri Tanjung Ikawangi," jare kang Budi.
   Sore iku hang dadi Minakjingga yaiku DR. Rendi Susiswo Ismail, Ketua Dewan Pembina Yayasan Pendidikan Tinggi Dharma Wirawan Universitas Balikpapan (UNIBA).
   Setemene kumpulan wong Banyuwangi ring Balikpapan wis ana sakat taun 1973 kelawan aran Paguyuban Keluarga Blambangan Banyuwangi Balikpapan. Aju taun 2010 didaptaraken ring notaris minangka organisasi kemasyarakatan nggawa aran Ikawangi Balikpapan lan mulai nduwe kegiyatan hang jelas hing mung arisan.
   Anggota Ikawangi Balikpapan saiki wis akeh, kira-kira 4.500 keluwarga hang kecathet. Macem-macem pegaweyane ana hang dadi PNS, TNI, Polri, pedagang, karyawan swasta, pengusaha lan liya-liyane.



Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf