Mudik Bareng 2.300 Kilometer

Antariksawan Jusuf (dipublikasikan pada Kamis, 28 April 2022 10:08 WIB)
- Laporan



Abote nyangga kangen nang tanah kelairan hing keneng dibebeng. Saben taun, saben lebaran jutaan wong milih mulih ngerayakaken lebaran ring umahe wong tuweke, kelebu ewonan wong Banyuwangi. Teka negara manca lan hang manggon ring sakubengane nusantara.
Hing maido Pemerintah Daerah Banyuwangi lan bupatine saben taun nganakaken halalbihalal ambi Diaspora Banyuwangi ring pendhapa. Sayange taun iki masiya wis dilebokaken ring salah siji 99 event Banyuwangi Festival, iwuh Diaspora hang rencanane arep digelar tanggal 5 Mei diwurungaken polae pemerintah pusat magih ngelarang kumpulan wong-wong akeh merga pagebluge durung satus persen uncal. Wong-wong hang duwe picis dibelani nunggang montor muluk, hang milih nunggang montor dibelani nyetir ewonan kilometer, kaya Ketua Ikawangi Sumatra Grup (ISG) kang Nurhidayat hang manggon ana ring Pekanbaru Riau. Iyane bareng jak lima sekeluwarga.
"Anak-anak jaluk liwat dharat jare lebih asik bisa weruh endi-endi. Mulane Hun juwut cuti 10 dina ditambah prei nasional ya lumayan bisa prei 17 dina, bisa nikmati wisata saben-saben dhaerah hang diliwati," jare kang Nurhidayat hang asal Kelampok Banyuwangi kutha. Abote kangen hing bisa diendheg masiya wong tuweke wis hing ana.
"Paran maning keluwarganisun iki dhemen kelenceran, saben prei mesthi melaku-melaku."
   Anggota ISG hang mulih nggawa montor dhewek lan kedaptar ring paguyuban ana 21 keluwarga. Ana 17 keluwarga hang nyulungi melaku, dene kang Nurhidayat lan telung keluwarga liyane buru mangkat tanggal 28 April dalu. "Durung maning hang melaku dhewek hing kathik daptar nang bareng rombongan ISG," jare Kang Nur hang pungkasan nang Banyuwangi limang taun kepungkur.
   Sedurunge rombongan ISG iki mangkat, wis dianakaken selametan sulung minangka donga nang Pengeran njaluk keselametan sak suwene balik kampung.
   Kang Nurhidayat iki wis urip ring tanah boroan lebih 10 taun. Setaun setengah ring Aceh lan ring Pekanbaru wis 12 taun. Kadhang iyane buru bisa mulih marek rong taun, kadhang limang taun merga wong tuweke wis hing ana. Jarak Sumatra Banyuwangi 2.300 kilo kaya sing ana paran-parane. "Perjalananhun jarak 2300 km kadhung lancar rong dina rong bengi."
"Melaku nunggang montor akeh senenge merga sak dawane dalan Trans Sumatera bisa mampir nong umahe dulur-dulur ISG sakat Jambi sampek Lampung."
  Wong-wong ISG hang milu mudik yaiku:
1. Kang Nur Hamid Pekanbaru
2. Kang Saiman Pekanbaru
3. Kang Ade Pekanbaru
4. Mbok Aulia Pekanbaru
5. Kang Nasrul Pekanbaru
6. Kang Nurhidayat Pekanbaru
7. Kang Wagiyanto Palembang
8. Kang Paelan Palembang.
9.  Kang Hermawan  Palembang
10. Kang Kusnan Siak
11.P. Rozi palembang
12.Bu Farida Palembang
13.Kang Hamid Medan
14.Kang Jalu Medan
15. Kang Ricky Oyi Jambi
16. Kang Legimun Bengkulu
17. Kang Budi Rianto Perawang
18.Deli Iswanto Perawang
19. Kang Rofik Perawang
20. Kang Ghanesa Lampung
21. Kang Rudi Pekanbaru

Poto: ISG nggelar Kirim Donga sedurunge mangkat mulih kampung.

Redaktur menerima berbagai tulisan, kirimkan tulisan anda dengan mendaftar sebagai kontributor di sini. Mari ikut membangun basa Using dan Belambangan.


Editor: Antariksawan Jusuf